Selasa, 21 Juni 2011

Wong desa kang busuk

    Ana wong desa busuk banget, duwe anak lanang aran si Begog. Wong mau banjur karan anak Pak Begog.

    Si Begog bareng wis uwong, dadi juru tulis toko ana ing Surabaya. Bayare ya rada akeh; terkadang sok kekirim marang bapakne utawa embokne. Adi-adine ya sok dikirimi dolanan utawa mercon, yen mbeneri ngarepake grebeg. Wong saomah pada bungah kabeh. Nuju sawiji dina lurahe Begog kanda yen arep rame-rame. Begog rada bingung, sabab klambine sing becik isih kari ana ngomah. Sing digawa ora pati apik. Iya bener ireng, nanging gagrag lawas; kurang bregase. Arep kirim layang, dikon ngirimake, wis keslepek; sabab olehe arep rame-rame wis cedak banget. Tekane ing Surabaya mesti wis kasep, wis lebar gawe. Banjur metu akale : kirim layang kawat menyang bapakne : klambine sing anyar dijaluk, dikon enggal ngirimake; sing lawas arep dikirimake mulih.

    Pak Begog mbeneri lungguh ana ngemper ngarep. Bareng ana upas kantor pos teka nunggang sepeda, pak Begog kaget. Upas ngulungake layang kawat karo dluwang selembar, dikon neken; dianggo tanda, yen layange wis ditampani. Layange banjur dibukak, diunekake. Ora ngerti, kok saka Surabaya bisa tekan kono mung sedela mengkono. Upase kanda : "Niku rak metu kawat sing urut pinggir dalan niku; mulane rikat. Sing nggawa kabar nggih kawat niku."

Nalika semana wis sore; pak Begog banjur mlebu menyang jero omah, kanda bojone. Petine anake banjur didudah, digoleki klambine putih sing anyar. Bareng wis ketemu, pak Begog banjur clatu marang bojone : "Iki becik ndang dikirimake wae, sabab kana ngarep-arep. Murih enggale teka, tak sampirne nyang kawat ndalan kana wae, ya mbokne; dadi sore iki bisa tekan kana. Klambine banjur digawa menyang ratan, disampirne ana ing kawat tlegrap; olehe nyampirake ngganggo gantar. Sarehne adem, dadi pak Begog banjur mulih bae, ora ngenteni mangkate si klambi. Bareng wis tekan ing jero ngomah, banjur omong-omongan sedela karo bojone, ngandakake rikate telegram; karo ngrasani anake, mendah bungahe yen tampa klambine.

    Bareng wis bengi, ana wong onglang-angling liwat ngarepane pak Begog; weruh ana klambi semampir ana ing kawat tlegrap, banjur dipenek nurut cagake; klambine banjur disendal. Bareng diiling-ilingi, digrayangi, ketara yen isih becik banget. Banjur cucul klambi; klambine olehe njupuk mau dianggo, kepenak, bisa sreg. Sarehne klambine dewe wis bawuk banget, banjur ora dianggo maneh, diuncalake menyang kawat. Dilalah kok bisa semampir. Wong mau banjur lunga.

    Esuke pak Begog niliki menyang ratan, bok menawa anake kirim wangsulan. Bareng nyawang kawat tlegrap, weruh ana klambi seje semampir. Enggal-enggal mulih njupuk genter; klambine disengget, karo ngundang-undang bojone : "Mbokne, iki lo, klambine anakmu sing lawas wis dikirimake mrene; ta enggal mrenea! Anakmu klambine kok jebul wis kaya ngene! Ah, memelas banget ane! Ta delengen ki lo, wis akeh sing bolong. Olehe tuku dek kapan iki. Dek mulih anyar iki pengrasaku kok durung duwe klambi ngene iki!"

    Lelakone pak Begog mau keprungu marang tangga teparone ing desa kono. Akeh sing pada teka, ngabarake kepriye genahe. Bareng wis dikandani, banjur pada gumuyu nganti kepingkel-pingkel. Pada ngerti yen Pak Begog pancen begog temenan. Nganti lawas pak Begog enggone dadi pocapan.



( bersumber dari buku : "Kembang Setaman" )




Tidak ada komentar: