Pancasemita waunipun mlarat. Griyanipun boten patos apik. Payonipun inggih gendeng, nanging balunganipun namung kajeng taun kemawon. Sareng sampun dados mandor, saged nglempakaken yatra. Griyanipun sampun ketingal rosok; gedegipun pating cromplong,dipun tedani rayap. Menawi dipun tingali saking ing njawi, rupinipun inggih kados taksih sae, nanging menawi dipun lebeti, lajeng ketawis yen griya sampun sepuh. Sakanipun lan blandar pangeretipun, pating krewek, pating crumpleng. Wonten ingkang dipun teda rayap, wonten ingkang dipun elengi kombang. Menawi wonten angin radi ageng, utawi jawah deres, sampun nguwatosi, mbok menawi ambruk. Waunipun inggih dipun reka-reka, murih sampun kelajeng-lajeng, nanging rayapipun ndadra kemawon, sabab kajeng taun punika pancen dados doyananipun rayap Kombang inggih seneng ngeleng wonten ing ngriku. Sarehning sapunika sampun gadah yatra, dados nedya dipun santuni kajeng jatos, sebab rayap boten doyan dateng kajeng jatos. Kombang inggih boten purun, sabab atos.
Anuju satunggaling dinten pun Pancasemita dateng balokan bade tumbas kajeng jatos. Wonten punapa kok boten dateng wana kemawon, tiyang griyanipun pun Panca punika sanding wana? Menawi dateng wana rak boten susah tumbas, namung negori kemawon, bat-bet. Mangka menawi tumbas dateng balokan, 1 m3 regenipun sakiwa-tengenipun suwidak rupiyah. Inggih leres kala jaman kejawen wana punika kasebut boten wonten ingkang nggadahi, ingkang gadah tiyang katah, criyosipun; nanging sapunika dipun sengker dateng Negari. Tiyang-tiyang boten kenging negor kajeng jatos sakajeng-kajengipun kados kala jaman rumiyin. Menawi dereng angsal idi, mangka purun-purun negor wit jatos, mesti dipun cepeng ing polisi. Enggenipun mekaten punika prelu rumeksa dateng kajeng jatos. Rumiyin tiyang negori sakajeng-kajengipun piyambak, boten ngangge ngengeh-ngengeh, tur boten purun nyulami. Lha menawi namung dipun tegori kemawon, boten mawi dipun sulami, lami-lami kajeng jatos rak telas babar pisan; tanah Jawi lajeng ketelasan kajeng jatos. Anak putu yen bade damel griya ingkang sae, enggenipun pados balungan ingkang apik dateng pundi? Kejawi punika menawi taksih wonten wana, rak katah tiyang ingkang saged beberah negor-negor kajeng. Ingkang tengga wana punika sapunikanipun inggih angsal bayar saking Negari, wonten houtvester, sinder, mantri jatos, polisi wana lan mandor pinten-pinten. Wonten malih wana ingkang dipun sewakaken Negari dateng presil. Panggesangan kaliyan pamedal ingkang semanten wau, menawi wananipun telas, inggih tumut larud. Dados enggenipun ngreksa dateng wana punika, perlunipun, sampun ngantos tiyang-tiyang benjing kapitunan, margi srakahipun tiyang sapunika. Ing tanah-tanah ingkang katah wananipun jatos, kadosta : Madiun, Rembang, Semarang, wonten priyantunipun, ingkang dipun patah Pamarentah njagi wana-wana wau : pangagengipun nama houtvester. Houtvester saandahanipun punika ingkang njagi wana; menawi wonten wit jatos ingkang dipun tegori, lajeng prentah nyulami pisan. Menawi wonten wit jatos ingkang dipun tegor, tunggakipun boten dipun dongkeli, dipun togaken kemawon. Lami-lami lajeng medal trubusanipun pinten-pinten; punika dipun sempeli, namung dipun kantunaken setunggal kemawon, enggal sanget mindakipun ageng, janji dipun openi; sampun ngantos kagubed-gubed ing rerungkudan. Yen kemaru ing rerungkudan, inggih gampil pejahipun, boten saged kopen, umur 40 utawi 50 taun, inggih sampun dados wit jatos ageng sanget, kenging dipun tegor malih.
Lha yen nanem wit jatos enggal, ingkang dipun tanem wohipun, namannipun janggleng. Sadangunipun wit jatos dereng ageng, tiyang-tiyang kenging nanemi pejatosan punika wau,boten ngangge maosi. Ingkang dipun tanem terkadang gaga; nanging ingkang kerep-kerep lombok, terong lan sapenunggilanipun; nanging inggih boten kenging dipun berakaken babar pisan. Menawi wonten rerungkudanipun kedah dipun resiki; sabab menawi tukulan jatos wau dipun rubung ing rerungkudan, lajeng kera, katah ingkang pejah.
Menawi wonten wit jatos ingkang bade dipun tegor, dipun pejahi rumiyin. Sabab menawi lajeng dipun tegor kemawon, katah ingkang kajengipun sami suwek utawi pecah-pecah. Rekanipun enggenipun mejahi mekaten : Kulitipun ing ngandap dipun klentek mubeng; kuwalipun ingkang petak punika dipun ulapi ngangge wadung utawi petel ngantos dumugi ing kajengipun ingkang abrit. Dados oyod, enggenipun ater teda boten saged minggah; ingkang inggil pejah, ingkang ngandap taksih gesang. Mekaten punika,menawi sampun kalih taun, saweg dipun tegor. Pangusungipun kajeng saking wana punika inggih kangelan. Wonten ingkang dipun ketok-ketok dipun gered ing tiyang; wonten ingkang dipun gered ing lembu utawi mahesa. Asring dipun damelaken ril, dipun emot ing lori, dipun bekta dateng balokan. Dene ingkang nggered lokomotip. dados tetela, yen kedah katah ingkang nyambut damel; ingkang angsal pangupa jiwa inggih katah.
Menawi sampun dumugi balokan, lajeng dipun sade dateng pundi-pundi. Malah wonten ingkang dipun kintunaken dateng tanah sabrang barang, sabab kajeng jatos punika sampun misuwur saenipun. Wonten ingkang dipun damel baita, wonten ingkang dipun damel balungan griya, kreteg, grobag lan sanes-sanesipun. Tukang kajeng, menawi tumbas kajeng, inggih dateng balokan, dipun damel kursi,bangku, lemantun lan sapinungilanipun. Bantalanipun margi sepur punika, ingkang dipun damel inggih kajeng jatos. Menawi tiyang Jawi, wit jatos punika ingkang dipun pendet boten namung kajengipun kemawon, ronipun inggih dipun purih paedahipun.
Yen ketiga ngerak, wetawis salebeting wulan Agustus kaliyan September, wit jatos punika brindil; menawi sampun wiwit jawah, lajeng medal ronipun enem-enem, namanipun jompong. Punika asring dipun pendeti dipun angge buntel sekul utawi tempe kaliyan sanes-sanesipun; wonten ingkang dipun angge ngudungi taneman sata ingkang taksih alit-alit. Ing tanah Madiun, menawi ngleresi katah entung jatos, entungipun punika dipun pendeti ngantos angsal pinten-pinten rinjing, dipun sade dateng peken, sami dipun angge lawuh dateng tiyang ingkang doyan.
Ingkang mekaten dados genah, yen wit jatos punika ageng sanget paedahipun. Benjing ben menawi sampeyan keleresan saged sumerep wit jatos saking celakan, sampeyan sampun supe maspaosaken sekaripun, werninipun wungu. Wit jatos menawi sekar, pendak mangsa labuh.
( bersumber dari buku : "Kembang Setaman" )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar