Pulo Nusa-Kambangan |
Pasisiripun kidul pulo Nusa-Kambangan punika adapur parang curi, nanging ingkang sanding kaliyang Seganten-anakan, pasisiripun andap, kebak tetukulan, pasitenipun eloh.
Rumiyin ing pulo ngriku wonten dusunipun sawetawis, sabab pasitenipun kelebet eloh. Kaliyan malih wananipun katah kekajenganipun ingkang kajengipun sae-sae. Tiyangipun kala semanten wetawis 1500; sapunika sampun sami pindah dateng tanah Jawi.
Ingrika wonten ugi lentera laut, sorotipun ngantos pinten-pinten pal tebihipun, dados ancer-anceripun baita ingkang sami lelayaran, sageda ngener plabuhan Cilacap. Manawi wonten ing plabuhan ngriku, baita boten ketempuh ing angin ageng. Sami-sami plabuhan pesisir kidul, plabuhan Cilacap punika sae piyambak.
Sanding lentera laut wau wonten telukipun nama teluk Karang-Bandung. Ingriku wonten pulonipun curi sawetawis, ketetukulan ing wit Wijaya-Kusuma. Sekaripun dipun aos-aos sanget; werninipun petak. Sampun wiwit kina-kumina, saben-saben Ingkang Sinuwun ing Surakarta utusan mrika metik sekar Wijaya Kusuma. Menawi sampun angsal, lajeng dipun wadahi ing kendagi mawi dipun payungi gilap, kaunjukaken dateng Kanjeng Sinuwun ingkang mentas jumeneng. Kala jaman kinanipun katah para ratu ing tanah Jawi ngriki ingkang utusan mekaten punika. Kanjeng Sinuwun Paku-Buwana ingkang kaping X inggih utusan tiyang suwidak mlampah darat, dateng Cilacap, prelu metik sekar Wijaya-Kusuma punika.
Wit kembang Wijaya-Kusuma |
Kaliyan malih tiyang tiyang wau sami pados simping. Simping punika bangsanipun kijing utawi tirem, inggih kenging dipun teda kados tirem. Terkadang salebetipun cangkokipun wonten mutiyaranipun alit-alit.
Anuju satunggaling dinten wonten pandita bade manggen wonten ing pulo ngriku. Nanging sarehning pulo wau tansah gonjing kemawon, dados boten saged ngedegaken griya. Pulo punika lajeng dipun cangcang ngangge penjatos angsal tanah Jawi. Ngantos sapriki pulo wau boten pindah-pindah malih. Dene pendita wau criyosipun tiyang-tiyang, pesareanipun wonten ing guwa, nama mesjid Sela (Limus buntu).
( bersumber dari buku : "Kembang Setaman" )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar