Selasa, 19 Juli 2011

Lara Jonggrang

Dongenge Mantri Guru

    Ing jaman kuna Prambanan kuwi ana kratone, jenenge iya kraton Prambanan. Sing dadi ratu : buta; rosane ngleluwihi, jejuluk Prabu Baka; kagungan putra putri, arane Lara Jonggrang. Bareng perang karo ratu ing Pengging, Prabu Baka kalah, mati ana ing peprangan, sabab ratu ing Pengging direwangi dening wong kang luwih dening rosa, arane Bandawasa, karo sedulure lanang loro. Mulane Bandawasa bisa menang, sabab diwenehi gegaman marang bapakne. Bapakne kuwi gentur tapane, jenenge Damarmaya. gegamane mau embuh panah, embuh bedil, nanging ampuhe ngleluwihi; dene jenenge bandung; mulane Bandawasa banjur karan Bandung Bandawasa.

    Sang ratu ing pengging, saking bungahe bisa menang karo Prabu Baka, Bandung Bandawasa banjur diparingi tanah ing Prambanan, didadekake Adipati. Bandung banjur mangkat menyang Prambanan. Satekane ing kono, arep manggon ana ing kedatone Prabu Baka pekewuh, sabab Lara Jonggrang, putrane Prabu Baka, banget ewa marang Bandung, dene ramane dipateni; malah tetemon bae ora sotah. Mangka Bandung, bareng weruh marang Lara Jonggrang, banget kepencute. Mulane banjur dilamar arep dipek bojo.

    Lara Jonggrang nampik ora wani, kuwatir mbok menawa diguna-gawe, amesti nemoni ora kepenak. Mulane banjur duwe pepanggil : yen Bandung bisa nggawekake candi sewu lan sumur loro sing jero-jero,, bisa dadi pada sawengi, iya gelem dirabeni.

    Bandung nggraita yen penjaluke Lara Jonggrang iku ora majat; ewa semono iya arep ditandangi sabisa-bisane; mbok menawa bisa nekani penjaluke bakal bojone. Banjur njaluk tulung marang bapakne, Sang Damarmaya, lan marang sedulure, apa maneh nyuwun tulung marang Sang Ratu ing Pengging. Sang Damarmaya saguh mitulungi sarana cipta sasmita lan kasektene; apa maneh bakal njaluk tulung marang para lelembut.

    Bandung banjur nyaguhi apa kang dadi penjaluke Lara Jonggrang.

    Bareng tekan ing semayane, Sang Damarmaya lan sedulure Bandung, apa maneh Sang Ratu ing Pengging, pada teka ing Prambanan. Nuli pada muja semedi marang dewa, nenuwun bisaa mujudake kang dadi pepanggile Lara Jonggrang. Panuwune kasembadan; jam setengah papat esuk candi sing dadi wis ana 995.

    Patih ing Prambanan, bareng weruh yen wangune pepanggile Lara Jonggrang arep ketekan, atine panas banget. Wong putrane gustine kok arep dirabeni marang tilas mungsuhe; mangka mungsuhe iku sing mateni gustine. Mulane banjur golek reka murih aja nganti Bandung bisa nekani penjaluke Lara Jonggrang. Nuli prentah nggugahi sarupane wong wadon ing Prambanan, dikon nutu; karo maneh ing lesung dikon nyebari kembang boreh sing wangi-wangi.

    Bareng para lelembut sing ngrewangi Bandung mambu gandaning kembang, sarta ngrungu wong nutu, banjur mandeg olehe nyambut gawe, sabab ngira yen wis rahina; banjur pada bali menyang kayangane dewe-dewe. Dadi candine durung rampung kabeh, isih kurang.

Bareng Bandung weruh kang mengkono iku, banget nepsune, banjur nyupatani bocah-bocah wadon ing Prambanan, aja oleh-oleh bojo yen durung dadi prawan tuwa. Lara Jonggrang takon marang jaka Bandung semu ngerang-ngerang apa penjaluke wis ditekani apa durung. Jaka Bandung banget nepsune. Lara Jonggrang disebdakake dadi watu, banjur malih dadi reca nganti seprene iki. Wong-wong Jawa ngira, yen recane Sang Kali Durga iku kedadeane Lara Jonggrang; mulane nganti seprene reca mau diarani Lara Jonggrang.

    Candi-candi gaweane lelembut mau saiki isih ana, jenenge Candi Sewu; sing pada dideleng dek menyang Prambanan kae; nanging akeh sing wis rusak.



( bersumber dari buku : " Kembang Setaman" )


Tidak ada komentar: