Tak bedek kowe mesti wis weruh kewan sing arep tak critakake iki; gedene wetara sapongge, rupane sawo mateng, meleng-meleng kaya beling. Ing endase ana sungune nyrapang kaya eri mawar, sikile nenem. Yen digegem, mengkang-mengkang ora gelem, kudu metu bae. Menyang tangan rada lara, sabab sikile ana erine, ngrendet-ngrendet. Jenenge kwangwung utawa wangwung.
Apa kowe wis tau namatake elare? Pira elare? Papat; iya apa ora? Sing ana njaba loro, rupane sawo mateng, sarta wuled akandel, dadi tutupe elar loro sing ana ing njerone. Sing ana ing jero tipis ngramyang, kena dilempit-lempit. Iku sing pancen dienggo miber. dadi kaya dene ampal lan katimumul.
Yen awan njintel ana ing pucuking wit krambil; mung yen sore utawa bengi bae miber separan-paran. Olehe jintel iku nganggo ngrikiti blarak. Cangkeme rosa banget; sikile sing dianggo mitulungi yen memangan, iku iya kuwat. Apa maneh yen oleh janur sing durung megar. Yen janur mau megar, katon krewek kabeh. Sing sok ndadekake bilahine wit krambil, yen pondohe katut dipangan; banjur ora bisa modot-modot; lawas-lawas mati. Pancene iya ora memper, wong wit semono gedene kok mati mung jalaran diguna-gawe marang kewan sing semono cilike. Nanging wong wis meh mrantah, apese samubarang sing gede, sing kuwat iku yen mungsuh karo sing cilik-cilik mengkono iku.
Kwangwung iku kerep bae manggon ana ing pondohe wit krambil. Ana ing kono banjur ngenak-enak kaya priyayi gede sing ora duwe pegawean; gawene mung mangan karo turu. Sing wadon banjur ngendog; ananging olehe ngendog ora ana ing kono, ana ing tletongan utawa ana ing kekayon kang wis bosok; sabab weruh, yen anake sing bakal netes, pangane ora kaya wong tuwane. Yen wis sawetara dina, endog mau banjur netes, metu anake. Dapure geseh karo bapa biyunge, rupane kaya uler, nanging putih, cilik-cilik; ora ana swiwine sarta ora ana matane. Yen mata, pancen ora perlu duwe, sabab ora kanggo; panggonane peteng ana sajroning lemah utawa sajroning kayu-kayu sing growong; Mung cangkeme sing nggegirisi. Yen wis sawetara minggu umure, banjur dadi lemu aginuk-ginuk; dawane wetara 7 cm; banjur gawe clowokan dienggoni, kanggo ngentung. Yen wis tutug mangsa kalane, banjur salin rupa dadi kwangwung. Dadi wiwitane endog banjur dadi embug-embugan; banjur ngentung; wekasane dadi kwangwung.
Embug-embugan iku ora gawe pituna marang menungsa. Pangane mung tletong bae utawa bosokan kayu; nanging kwangwunge kerep gawe rusaking tanduran krambil. Mulane sabisa-bisa, sakecandake becik dipateni. Embug-embuge ya becik dipateni pisan, sabab bisa dadi kwangwung sarta banjur bisa ngendog. Mung emane, kwangwung iku yen awan ora gelem miber, dadi angel olehe nyekel. Bocah-bocah dadi baud menek, mestine iya bisa marani panggonane kwangwung ana ing pucuking wit krambil. Yen akeh sing gelem nggoleki kwangwung menyang sajroning pondoh, wit krambil mesti bisa luwar saka satrune sing mbebayani.
( bersumber dari buku : "Kembang Setaman" )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar