Ing segara sekubenge tanah Jawa iki akeh iwake rupa-rupa; dapure iya geseh-geseh. Ana sing gilig dawa, ana sing gepeng, ana sing tipis, kayata iwak wendra utawa iwak lendra, iwak layur, teri lan sapenunggalane.
Iwak wendra iku, yen isih cilik, iya kaya iwak liya-liyane. Awake sing sisih kiwa karo sisih tengen rupane pada bae. Matane loro : ing sisih kiwa siji, ing sisih tengen siji. Yen nglangi iya lumrah kaya iwak liya-liyane.
Yen mundak gede, banjur gepeng atipis. Senengane nggletak ana sadasaring banyu. Awake sing kiwa ana ing ngisor. dadi matane sing kiwa ora kena dianggo ndedeleng, sabab kependhem ing weden. Iku lawas-lawas mingsed-mingsed munggah, nyedaki mata sijine. karo maneh sisike sing sisih kiwa rupane banjur malih bawuk. Matane kiwa lawas-lawas banjur jejer ana sandinge mata tengen. dadi mata loro, sing siji manggon ing isih tengen, sijine ana ing ngarep, ing duwur endas, Karo maneh awake sing sisih tengen rupane iya malih dadi kaya lemah : abang semu ireng utawa klawu; ana plenik-plenike bunder kuning utawa abang, plek kaya rupane wedi utawa krikil kang mblasah ana ing weden. Ana ing weden iku siripe ing geger sarta ing weteng lan kepete, dianggo ngeduki wedi; banjur mendem; sing ora kependem mung sawetara. Prelune kareben aja katon marang iwak sing gede-gede; sabab kuwatir mbok menawa diuntal; sarta maneh aja nganti kawruhan iwak-iwak cilik sing arep dicaplok, sabab panganane iwak cilik-cilik. Sarehne nglangi ora pati pinter, pangan sing disenengi banget mung kewan-kewan kang ana cangkoke lan bangsa cacing; iku gampang cekel-cekelane ana ing sadasaring banyu.
Pengrasaku saiki wis genah banget, apa sababe dene awake sing sisih kiwa meh ora ana daginge. Daginge nglumpuk ana ing sisih tengen.
Ewa dene keh-kehe uwong ana sing duwe pengira sing nganeh-anehi, yaiku wong kang ora weruh marang uripe iwak wendra mau. Kandane, mulane iwak wendra dadi lemu sisih mengkono, sabab kasektene Panembahan Senapati ing Mataram kang sumare ing Pasar-Gede ing Ngayogyakarta. Mengkene critane :
Anuju sawijining dina Sang Panembahan dahar, lawuhe panggang pitik wutuhan karo iwak lele, karo iwak wendra. Adune cokak karo lombok karo ana liyane maneh. Olah-olahan mengkono iku jenenge "urip-urip". Bareng wiwit dahar, sing dicuwil disik brutune pitik; nuli mundut daginge iwak lele, nuli daginge iwak wendra sesisih; kraos enak banget, sabab panuju luwe, mentas nyambut damel. Nuli mundut priksa marang garwane : "Iki kok enak temen; jenenge diolah apa iki?" Garwane matur : "Menika dipun urip-urip!" Sang Panembahan ngandika maneh : "Kepriye? Diurip-urip?"
Saking sektine sang Panembahan, pitik karo iwak lele lan iwak wendra kena sabdane sang Panembahan, banjur urip pada sanalika. Pitike kekablak banjur njruntul metu. Iwak lele, iwak wendra pating klepek ana ing wadah. Iwake lele banjur ndikakake nyemplungake ana ing blumbang kalangenane. Iwake wendra ndikakake nyemplungake menyang segara. Nganti seprene ing blumbang ing pasarean Pasar-Gede isih ana iwak lele sing mung eri tok-tok bae, ora ana daginge, nglangi slira-sliri ana ing blumbang. Dene iwake wendra, ing segara sakubenge tanah Jawa isih akeh; iya kerep dijupuki uwong. Pitike dadi pitik tukung utawa bukung, nak kumanak, ing ngendi-endi ana.
( bersumber dari buku : "Kembang Setaman" )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar