Senin, 04 Juli 2011

Satrunipun tiyang tani

    Taneman pantun katah amanipun, kadosta tikus. damelipun asring ngrikiti uwiting pantun, lajeng neda pantunipun ingkang sampun sepuh. Walang-sangit damelipun nedani woh pantun ingkang taksih enem. Kejawi punika taksih wonten kewan alit sanesipun, ingkang sanget enggenipun damel risak, ananging patrapipun sanes.

    Kinten kula sampeyan inggih sampun nate sumerep werninipun. Lepatipun wonten ing sabin inggih wonten ing sacelakipun lampu, jalaran kewan wau remen murugi pepadang. Kewan punika agengipun boten sepintena. Yen laripun kiwa tengen dipun egaraken, wiyaripun namung 3 cm. Dene panjanging badanipun saking sirahipun wetawis 2 cm. Laripun sekawan; ing tengah-tengahipun lar ingkang ngajeng wonten cemeng-cemengipun sekedik. Namanipun kewan wau pijer.

    Menawi nigan, tiganipun lajeng dipun tutupi ngangge tutup abrit kados wulu. Tigan ingkang mekaten punika wonten ing gedeg, wonten ing tembok utawi ing meja. langkung malih wonten ing wit pantun.

    Sayektosipun pijer punika enggenipun bade nigan inggih wonten ing ron pantun, ananging asring kelentu. Menawi ing wanci sonten murugi lampu, paniganipun mesti lajeng sadawah-dawahipun kemawon; kadosta wonten ing tembok. Menawi netes, anakipun mesti enggal pejah, sabab kekirangan teda.

    Dene menawi enggenipun nigan wonten ing panggenan ingkang sae, mesti boten mekaten. Let 6 utawi 7 dinten netes; boten dangu lajeng damel lamat, gumantung wonten ingriku kados dene anak kemangga. Menawi wonten angin lajeng kabur, saged dumugi ing panggenan ingkang dipun senengi.

    Mara, ingkang dipun senengi dumawah ing punapa?

    Sampun mesti kemawon senenganipun dumawah ing pupus. Lajeng dipun teda; ingkang empuk-empuk telas sedaya. Ingkang mekaten punika sayektosipun boten dados punapa. Ananging kewan wau nyengitipun boten namung semanten kemawon. Wetawis 3 dinten malih, yen sampun mindak rosa, sarta yen cangkemipun sampun mindak sentosa, lajeng manjing ing uwit. Tumunten damel mergi ngantos dumugi ing ngandap. Wonten ingriku sampun boten muwatosi punapa-punapa; boten wonten kewan ingkang saged nyepeng; malah dumunung wonten ing satengah-tengahing uwit sarta nyolongi tedanipun pun uwit. Wit pantun ingkang mekaten punika mesti kerisakan. Ronipun ingkang wonten inginggil, ingkang taksih enem, lajeng dados jene, ngruwel, wusana garing. Kewan wau lajeng manggen wonten ing salebeting uwit ingkang ngandap. Boten antawis lami lajeng dados ageng alema, sarta enggal dados entung. Ananging saderengipun dados entung, damel bolongan rumiyin wonten salebeting uwit. Menawi sampun rampung, lajeng dipun tutup ngangge lamat.

    Punapa sampeyan sumerep damelipun bolongan punika? boten? Kula criyosi inggih. Sasampunipun nutup bolongan wau, lajeng dados entung. Menawi sampun let wetawis 10 dinten, entung wau medal kupunipun alit, namanipun pijer. Pijer punika wonten ing salebeting wit pantun boten seneng, jalaran rupek sanget. Mekaten malih sarehning gadah lar, dados kepingin miber. Wiwitanipun nggremet, medal saking ing bolongan wau, lajeng miber. Sapunika ngertos punapa dereng damelipun bolongan?

    Ananging pantunipun, sarehning dipun teda ing kewan wau, dados kerisakan ngantos sami pejah. Sampun mesti kemawon lajeng boten saged medal wohipun.

    Lha pijer wau lajeng kados pundi? Ingkang estri lajeng nigan, boten lami jaler-estri sami pejah. Dados ama pantun wau umuripun boten panjang, lami-laminipun enggenipun gesang namung enem minggu.

    Terkadang ama pantun wau datengipun ing sabin sesarengan pinten-pinten. Sampun mesti kemawon ingkang mekaten punika adamel kapitunan ageng. Ewon kapitunan tiyang tani.

    Jalaran saking punika, wontena ing pundi-pundi, kewan wau kedah dipun pejahi. Sawenehing tiyang tani wonten ingkang gadah akal mekaten : ing wanci dalu mubeng wonten ing sabin kambi mbekta obor. Pijer ingkang wonten ing sabin katah ingkang sami murugi obor, tumunten pejah kebesmi. Ananging kula sampun sumerep panggenan, ingkang tiyangipun tani langkung pinter. Tiyang tani ing panggenan wau sami semadosan kaliyan kancanipun : enggenipun nanem pantun dipun ajak sesarengan. Sampun mesti kemawon ama pijer wau ingriku inggih lajeng katah. Ananging pijer ingkang medal saking ing entungipun, ing sakiwa tengenipun ingrika boten saged angsal wit pantun enem, ingkang ronipun utawi witipun taksih empuk. Ingkang estri inggih sami nigan; ananging anakipun ingkang taksih enem boten sami angsal teda; dados lajeng sami pejah. Let setengah tahun, yen tiyang tani wau nanem pantun malih, amanipun pijer namung sekedik. Akalipun tiyang tani ingkang mekaten punika rak sae ta?



( bersumber dari buku : "Kembang Setaman" )



 

Tidak ada komentar: