Selasa, 21 Juni 2011

Urip sajroning banyu

    Ing wayah esuk mbeneri dina Ngahad si Suji lunga mancing karo kakange. Enggone pada mancing ana kedung kang misuwur akeh iwake. Mulane sedela bae kepise wis pada kebak. Tumuli pada bungah-bungah bali mulih. Kejaba rumangsa begja olehe mancing oleh akeh, iya bungah, dene mengko yen mangan bakal nganggo lawuh iwak. Tur iwake enggone mancing dewe. Mulane sing pada dipikir ora ana maneh kejaba mung iwak oleh-olehane mancing. Si Suji takon menyang kakange. Celatune : "Kang! Iwak kuwi ana ing banyu kok ora keplepeken! Yen menungsa ana ing njero banyu rak ora betah suwe. Kuwi kepriye sebabbe.?"

    Wangsulane kakange : "Iku gampang wae. Mara rungokna, dakkandani. Wong iku pada nduweni kebuk. Iku sing dianggo ambekan; dene iwak, pirantine ambekan dudu kebuk, angsang. Mengko, dak tuduhi! Delengen, iki lo angsange, ana ing samburining endas iki. Angsange iku gawene dienggo nyerot hawa saka ing banyu."


    Si Suji celatu maneh : Elo! nyerot hawa kok saka ing banyu? Apa ing banyu iku ana hawane?" Wangsulane kakange : "Ana; ing banyu iku iya ana hawane. Mengko yen si embok nggodog wedang, kowe dak tuduhi. Yen iwak iku ana ing sajroning banyu, cangkeme diangapake, tumuli kelebon banyu. Ananging banyu iku banjur metu ing sela-selaning angsang; hawane diserot. Samangsa iwak iku dumunung ana ing daratan, angsange banjur garing, iwake mati."

    Ora antara suwe lakune tekan ing ngomah, kepise banjur disuntak. Siji-loro isih ana sing pating klepek sarta kogel-kogel. Celatune kakange : "Iya, pada kogel-kogela! Mangsa ndadak bisaa mlayu ora. Sedela engkas kowe dogoreng. Delengen, Ji, kaya mengkono kuwi enggone molahake buntute, yen pinuju nglangi. Dadi kaya dene wong molahake tangan lan sikile. Buntut iku gawene kaya dene dayung Malah ana iwak sing rosa banget, bisa nggolingake prau cilik-cilikan, disabet nganggo buntute."

    Si Suji sawise dikandani mengkono, senenge marang iwak mundak. Maune durung tau ngiling-ilingi iwak kang kaya mengkono genahe. Ewa dene isih durung marem. Enggone ngiling-ilingi isih dibanjurake. Kepingin weruh dununge kabeh.
Iwake tumuli arep diresiki marang embokne, sabab arep diolah, digawe lawuh mangan awan. Sisike pada dikeroki, banjur dibeteti. Patrape wis kaya wong mbeleh sapi kae. Wujude mula pancen nggigoni. Nanging kakange ngandani, yen satemene ora pisan-pisan nggigoni; tembunge : "Kuwi rak barang lumrah. Aku kowe iya pada duwe; iku ora liya mung jeroan : waduk, usus, ati lan getih setitik."  kakange celatu maneh : "Delengen, iki endoge. Dadi iwak iki lagi arep ngendog. Delengen kehe! Ewon! Saupama isiha urip, mesti banjur ngendog ana ing dasaring kali." Suji sumambung : "Saupama saben endong siji dadi iwak siji, kaline mesti banjur kebak iwak." Wangsulane kakange : "Bener kandamu iku, yen endoge pada slameta kabeh. Ananging tibane ora mengkono. Sabab endog iwak iku akeh kang pada dipangani ing iwak liyane utawa dipangani kodok. Mengkono uga iwak kang isih cilik-cilik iya akeh kang pada dipangani. Dadi urip ana ing banyu iku iya ora mesti seneng." Tekan semono enggone pada guneman bab iwak, tumuli kandeg.

    Bocah loro mau nuli pada dolanan ana ing njaba; biyunge ngolah iwake ana ing pawon.



( bersumber dari buku: "Kembang Setaman" )





   

Tidak ada komentar: