Dalu boten kacriyos; enjingipun pun Sardiman bade ningali tedakipun Kanjeng Sinuwun.
Sareng sampun jam sekawan, lajeng dipun ajak ningali dateng margi ageng. Ingriku tiyang-tiyang sampun jejel. Sapinggiring margi kiwa tengen, wiwit saking alun-alun sapengaler dumugi pacinan, tiyang sampun boten kenging dipun piyak. Ewa dene saking ngudinipun, lare kalih wau saged angsal enggen radi sekeca.
Boten dangu mriyem (meriam, Ind.) mungel, gleger! pratanda Kanjeng Sinuwun wiwit tedak. Nunten ketingal perajurit abayak-bayak sabregada; panganggenipun sami sedaya; namung dedamelipun, ingkang sepalih senjata, sepalih waos. Lajeng sabregada malih; penganggenipun geseh kaliyan ingkang rumiyin; dedamelipun inggih palihan. Jayus nyariyosaken namanipun prajurit wau sagolongan-sagolongan. Urut-urutanipun mekaten : Ingkang wonten ngajeng piyambak prajurit Wirabraja; tiyang katah mastani prajurit Irabraja. Nunten prajurit Ketanggung, Daeng, Jagakarya, Prajurit Kawandasa, lajeng prajurit Prawiratama. Sawingkingipun punika lajeng abdi dalem priyantun Miji Soma-atmaja, lajeng Bupati nayaka sekawan. Sawingkingipun Prajurit Kawandasa wonten kreta sae sanget; kapalipun tigang rakit, Punika titihanipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom.
Lajeng ketingal kapal rakitan malih; ingkang ngajeng dipun tumpaki tiyang, penganggennipun kados saradadu ngangge bulu-bulu. Sardiman sumlengeren ningali. Kapalipun kawan rakit, ulesipun sami sedaya, tur ageng-ageng lan bagus-bagus; dandosanipun inggih sae-sae. Setunggal-setunggalipun kapal dipun cepengi ing tiyang setunggal; penganggenipun inggih bregas.
Nunten ketingal kreta ageng gumebyar; kusiripun ngedangkrang nyepengi lis; penganggenipun bregas sanget. Sardiman sangsaya sanget gumunipun; dereng nate sumerep tetingalan ingkang kados mekaten. Criyosipun Jayus, kreta punika namanipun Kyai Garuda Yeksa. Dene ingkang nitihi Kanjeng Sinuwun; milanipun songsongipun mekrok.
Ing sakiwa tengening kreta titihan dalem, para priyantun abdi dalem ingkang sami ngurung-urung; ing wingkingipun lajeng priyantun Suranata; ing wingkingipun malih, priyantun Ngampil; dene ingkang dipun ampil, waos.
Sawingkingipun punika lajeng kreta titihanipun para pangeran; kapalipun kalih rakit ageng-ageng inggih sae-sae; dandosanipun sarwi endah. Kretanipun inggih ageng-ageng, ngungkuli kreta ingkang limrah-limrah punika.
Nunten wonten malih prajurit sabregada, dedamelipun werni-werni, nanging boten wor-suh; sagolongan mbekta jemparing kaliyan gendewa sarta tameng; sagolongan dedamelipun senjata; sagolongan towok; sagolongan malih waos. Criyosipun Jayus, punika namanipun prajurit Nyutra.
Ing wingkingipun punika wonten prajurit malih, taksih kalih bregada; ingkang sabregada nama prajurit Langenastra, setunggalipun nama Mantri-Jero.
Boten antawis dangu, tiyang-tiyang ingkang ningali lajeng sami bibar; lampahipun pating blulung. Wonten ingkang ngupadosi kancanipun, wonten ingkang ngupadosi anakipun; mergi-mergi dalah ingkang tengah barang kebak tiyang. Kreta sewan lajeng wiwit kenging mlampah malih wonten ing mergi ngriku; sempritanipun pating cruwit, sambukipun pating cletor.
Sardiman kaliyan Jayus lajeng sami mantuk. Sardiman, saking enggenipun ngangen-angen apiking tetingalan wau, ngantos blangkemen. Dumugi ing griya saweg saged gineman urut. Benjingipun Sardiman mantuk dateng Banyumas; wonten ingriku gupruk enggenipun nyariyosaken samukawis ingkang dipun tingali.
( bersumber dari buku "Kembang Setaman" )
1 komentar:
Sumo atmaja bagaimanakah ageman nya
Posting Komentar