Rumiyin ing dusun-dusun utawi ing pekampungan, menawi wonten tiyang bade mbedol griya utawi ngedegaken griya alit-alitan kemawon, tiyang wau lajeng nyambat dateng tangga tepalihipun.
Tiyang sambatan wau boten ngangge dipun epahi, namung dipun ingahi kemawon sapantesipun. Ingkang mekaten punika adamel mayaring tiyang ingkang gadah perlu. Sarehning lampah mekaten punika gentosan, inggih boten wonten ingkang ngresula, malah enggenipun nyambut damel ketingal sengkud. Menawi ngleresi ngunjukaken empyak, swaranipun tiyang pating brengok. Kajengipun sami ngelikaken utawi nanjangi kanca-kancanipun ingkang sami sesarengan nyambut damel punika. Sarehning enggenipun nyuwara punika sesarengan, dados inggih presasat tanpa damel, sabab satunggil-tunggiling tiyang namung kepireng swaranipun piyambak kemawon. Ananging sarehning sampun kulina mekaten, kok inggih tumindak. Sedinten kemawon griya sampun saged madeg, payon sampun brukut. terkadang gedegipun inggih sampun katah ingkang dipun etrapaken. Sagedipun rikat punika margi pedamelanipun dipun bage-bage. Wonten ingkang dipun patah damel tutus, wonten ingkang dipun patah atrap payon. Wonten ingkang dipun patah atrap gedeg lan sapanunggilanipun. Ingkang mekaten punika inggih kados cara-caraning tiyang gegriya: wonten ingkang bebahanipun pados teda, wonten ingkang dipun patah olah-olah, wonten ingkang dipun patah resik-resik. Tiyang jaler pados teda, tiyang estri ngopeni kayanipun tiyang jaler lan ngrantengi tetedan. Anak estri ngrencangi biyung, anak jaler ngrencangi bapa. Menawi anak taksih alit, srabudan : jaler estri boten ajeg pedamelanipun. Asring ngrencangi bapa asring ngrencangi biyung, namung miturut sakuwawinipun kemawon, kados ta: pados kajeng bong, ngintun dateng sabin, ngangsu, nyapu, asah-asah piring lan sapenunggilanipun.
Wau sampun kula cariyosaken, menawi caranipun ing dusun utawi pekampungan punika kados caranipun tiyang gegriya. Menawi wonten tiyang salah satunggil ingkang manggih kesusahan, tiyang sanes-sanesipun inggih tumut susah. Menawi ingkang satunggal manggih pakewed, sanes-sanesipun mitulungi. Menawi ingkang setunggil gadah damel, ingkang sanes-sanesipun tetulung utawi nyumbang wragading gadah damel wau.
Dados adamel enteng dateng tiyang ingkang gadah damel. Menawi ing dusun bade dipun damelaken mergi, lajeng gugur gunung. Sadaya sami tumandang. Mekaten ugi menawi bade damel wangan, dipun angge mergi toya dateng sabin. Menawi damel kreteg inggih mekaten. Dene ingkang jagi utawi nganglang ing wanci dalu inggih dipun damel giliran; mekaten wau sadaya murih mayaripun. Dados tiyang punika tansah tulung-tinulung. Pancen mekaten lampahipun ing ndonya punika. Kadosta menawi tiyang bade nyerat. Ingkang ndamelaken pen piyambak; ingkang ndamelaken mangsi piyambak; ingkang ndamelaken dlancang piyambak; ingkang ndamelaken meja, kursi utawi gelaran papaning nyerat, piyambak.
Pedamelan ingkang kawraten utawi kangelan tumrap dateng tiyang setunggil, menawi dipun garap ing tiyang katah, saged mayar.
Tiyang tani anggenipun ngupakara dateng tetanemanipun inggih ngangge pitulunganipun tangga tepalihipun. Kadosta menawi ngleresi tanem utawi ngeneni sabinipun, inggih ngangge nyambat tiyang sanes. Terkadang enggenipun mluku inggih dipun sambataken, menawi sabinipun wiyar. Nyambut maesa lembunipun kanca-kancanipun. Mekaten punika gentosan. Menawi kekirangan pantun kangge winih, inggih lajeng nyambut dateng tiyang ingkang sugih pantun; mbenjing menawi sabinipun sampun panen, dipun wangsulaken.
Cara ingkang mekaten punika sapunika inggih taksih tumindak. Nanging sangsaya lami sangsaya suda, sebab sapunika tiyang-tiyang wiwit kraos betah yatra. Kala rumiyin kasugihanipun tiyang tani awujud wos pantun, utawi raja-kaya; boten werni yatra. Yatra boten patos dipun prelokaken, sabab boten patos kelampah. Wos pantunipun punika sampun cekap kangge nyangga kabetahanipun sadaya, sabab kabetahanipun boten katah. Pamedaling pasitenipun boten prelu dipun sade mrika-mrika, sabab ngrika-ngrika kawontenanipun sami kemawon. kaliyan malih boten dipun sade dateng tanah sabrang, sabab pambektanipun rekaos sanget. Mergi-mergi dereng sae kados sapunika; sepur inggih dereng wonten. Dene penganggenipun tiyang-tiyang kala rumiyin namung seratan utawi tenunan ing tanah Jawi kemawon, dereng kepingin mengangge barang-barang ingkang damelan sabrang. Sapunikanipun kados pundi? Sapunikanipun klontong utawi ojagan pating slundupdateng dusun-dusun. Malah dusun-dusun ingkang wonten ing pucuking redi inggih dipun datengi. Barang dagangan saking sabrang datengipun kados dipun sokaken, dipun emot ing baita lan sepur lan trem. Barang-barang ingkang elok-elok sami dipun ideraken dateng dusun-dusun, ndamel kepenginipun tiyang dusun. Enggenipun tumbas barang-barang wau sampun mesti kemawon inggih ngangge yatra; urup-urupan sampun boten tumindak. Kaliyan malih tiyang-tiyang sami mrelokaken tumbas rerengganing griya, kadosta: pangilon, gambar-gambar lan sapenunggilanipun. Gelang kalung dedamelan saking tanah sabrang inggih adamel kepengining tiyang-tiyang dusun, sabab wernenipun apik-apik, tur regenipun mirah. Kejawi punika tiyang tani inggih wiwit kepingin gadah meja kursi kados tiyang ing negari. Punika ingkang murugaken sami kepengin tampi yatra. Sagedipun tampi yatra inggih kedah nyade pamedaling pasitenipun sawetawis. Kaliyan malih inggih murugaken sudaning sambat-sinambat ingkang tanpa epah. Dados menawi betah bau, inggih lajeng mberahaken.
Tiyang tani menawi sade pamedaling pasitenipun asring boten dugi-dugi, keremenen tampi yatra. Yatranipun lajeng asring dipun angge ubral-ubralan; dipun tumbasaken punapa-punapa ingkang boten patos prelu. Punika ingkang mbibrahaken betah. Let sawulan kalih wulan sampun ngemut driji, boten saged tumbas sandangan, boten saged mbayari sekolahipun anakipun. Lajeng bentayangan pados yatra. Menawi wancinipun nyebar, boten gadah wiji, lumbungipun sampun kotong blong. Lajeng nyambut-nyambut, dipun angge tumbas wiji utawi dipun angge mberahi tiyang ingkang nggarap sabinipun. Menawi enggenipun pados yatra namung angsal sakedik, boten sedeng dipun angge ngragadi sabinipun. Sabinipun dipun garap namung sakecandakipun mawon; dados pamedalipun suda.
Milanipun menawi nyade wos pantun sampun dipun telas-telasaken; kedah ngengeh sacekapipun dipun teda dan dipun sandang ngantos dumugi panen malih. Tiyang ngangge yatra sambutan punika, menawi ngantukaken kedah ngangge nganaki; mangka anakanipun asring awrat. terkadang tiyang nyambut pantun sedacin kemawon, menawi nyaur kedah kalih dacin. Punapa malih menawi ngijemaken sabin; tampi yatra sambutan sekedik kemawon, sabinipun asring larud sadaya. Wonten malih ingkang kesangeten. Sabinipun dipun sewakaken utawi dipun gadosaken sadaya, boten saged nggarap sakedik-kedika; lajeng kejendelen.
Rekanipun tiyang bade angsal yatra, werni-werni. Wonten ingkang nggadosaken wit klapa. Wit klapa setunggal dipun gadosaken kalih tengah rupiyah utawi kalih rupiyah. Punika ngantos pinten-pinten taun, ingkang gadah boten saged ngunduh-ngunduh, menawi dereng mangsulaken yatra ingkang sampun dipun angge. Pancen tiyang nyambut punika asring adamel karisakanipun awakipun piyambak utawi anak bojonipun. Milanipun sampun asring gulang-gulang nyambut. Sinten ingkang jajal-jajal nyambut, wekasanipun mesti dados tetekan.
Menawi sampeyan kepeksa nyambut, sampeyan manah rumiyin kados pundi rekanipun anggen sampeyan bade nyaur; punapa ingkang sampeyan jagekaken. Sampun njagekaken tiganipun pun blorok.
( bersumber dari buku "Kembang Setaman" )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar