Olehe ngaso ana ing sangisore wit ketapang kepenak banget; ya adem, ya isis; akeh sing pada ngudari buntelane sangu, olehe menehi biyunge; pating kecamuk, karo pada guyon. Katone pada seneng-seneng; dadi sapa-sapa sing weruh, iya melu seneng. Ana sing mangan jadah; ana sing mangan enting-enting; ana sing mangan geti; ana sing mangan gethuk.
Bareng wetenge wis pada isi, sarta wis ilang sayahe, banjur dikon ngadeg karo gurune, sarta dikon ngrungokake kandane. Bocah-bocah banjur enggal pada menyat; kiwa tengene ana candi pating jenggeleg.
Mantri guru banjur wiwit kanda : "Kene iki kabeh ana candine wolu, kulon telu, wetan telu, lor siji, kidul siji. Sing arep dideleng disik kulon kuwi; ayo ta, melua."
Bocah-bocah banjur pada munggah, ana sing karo mlayu bae, balapan karo kancane. Sing diunggahi Candi Brahma; ing duwur ngedag-edag bae, ana sentongane watu cilik. Ing kono ana recane Sang Brahma becik banget; raine papat. enggone gawe pepetaning makuta lan sandangan, apa maneh sirah, iku kabeh mratandani, yen wong Jawa ing jaman biyen, pada pinter-pinter gegawean. Bareng wis tanek olehe pada namatake, banjur diajak mudun marang gurune : "Wis, ayo mudun, le! endang ngalih menyang sejene kae! Kae luwih becik, karo luwih prelu."
Bocah-bocah banjur pada mudun krumitig, nuli ngalih menyang sijine; munggah undak-undakan watu rada duwur, ngungkuli sing disik. Karo maneh unggah-unggahane rada rekasa; nanging dedelengan ing duwur kono iya nyata luwih becik; disike tekan ing recane Sang Hyang Siwah, jumeneng Sang Mahadewa. Makutane sungsun telu, ana pepetaning rembulan tanggal sepisan lan cumplung uwong. Ing satengahing batuk ana mripate siji; dadi mripate kabeh telu; pupune kaya tinutupan ing welulang macan tutul. Tangane papat; sing siji nyekeli cemara; sijine nyekeli akshamala, utawa tesbeh; sijine nyekeli kendi banyu penguripan; sijine nyekeli trisula.
Dene ing sentongan-sentongan liya-liyane iya ana recane. Ana sing isi recane Sang Hyang Siwah jumeneng Guru, ana jenggote. Ana sing isi recane Sang Hyang Ganesa utawa Betara Gana, putrane Sang Hyang Siwah; ana tlalene nyerot kawicaksanan saka ing cumplunging menungsa, kang dicekeli ing tangan kiwa. Ana maneh recane Sang Kali Durga, garwane Sang Hyang Siwah; tangane wolu, ngidaki kebo titisane Mahesasura.
Mantri guru kanda marang bocah-bocah mengkene : "Le, wong Jawa isih akeh sing nyadran mrene iki, sabab reca iki diarani dadehane Lara Jonggrang. Emben buri kowe tak critani dongengane Lara Jonggrang. Saikine ayo pada mlaku urut tembok watu iki, karo ndelok-ndelok gambare. Lha kuwi gambare Betara Rama karo Lesmana, adine, lagi mlaku nggoleki Dewi Shinta, dicolong Prabu Rahwana. Dewi Shinta kuwi apane Betara Rama? Bojone; iya apa ora? Sing ngrewangi, ratu ketek, jenenge Prabu Sugriwa, karo ngawa bala ketek ora karuwan cacahe. Gegeduge : Anoman."
Bocah-bocah pada namatake ukir-ukiran sing ana ing tembok watu; ana sing ngelokake mengkene : "Iya, lho, lha iki Betara Rama, lha iki Lesmana; nanging kok ora memper karo wayang kae."
Bareng wis kemput olehe pada ndeleng, banjur mudun kumritig mayar bae, ora kangelan kaya dek munggahe. Satekane ing ngisor, banjur gegancangan mengetan menyang candi sijine, nuli munggah undak-undakan watu maneh. Ing duwur ana recane sapi. Gurune celatu : "Kuwi recane sapi kang aran Nandi; yen ing wayang, jenenge Lembu Andini, titihane Sang Hyang Siwah utawa Betara Guru. Wong-wong iya isih akeh sing nyadran mrene, njaluk slamet."
Ana ing kono ora suwe; nuli mudun maneh menyang candine Sang Hyang Wisnu; ananging ing kono ora pati ana apa-apane sing kena dideleng, sabab wis akeh sing rusak, marga lindu utawa perang dek jaman kuna.
Mantri guru celatu : "Yen ndeleng wujude saiki, mestine kowe ora ngira, yen kene iki ing biyen ana kraton gede. Ananging para pinter bisa namtokake, yen kene iki tilas kraton gede; malah iya ana kedatone barang. Dene penggawene candi-candi iki, prelune kanggo memuja marang dewa, kaya dene wong saiki menyang mesjid utawa menyang gereja. Ana sing ngarani, yen sawiji-wijining candi iki kuburane ratu dek jaman kuna utawa pendita sing pinunjul.
Biyen sakiwa tengene candi iki ana candine cilik-cilik luwih saka satus, nanging wis akeh sing rusak, ilang larine; mbok menawa marga saka lindu. Awit saka pangruktine Negara, rusake ora kebanjur-banjur, isih rada akeh sing apik. Karo maneh akeh sing didandani ora nganggo ngetung kehing wragad lan kangelane. Kejaba ini cedak-cedak kene, isih ana candi cilik-cilik akeh. Nek kowe durung pada sayah, arep takjak nonton mrana pisan. Sapa sing wis poprok?"
Bocah-bocah ngaku yen durung sayah, sabab kepingin ndeleng candi sing liya-liyane. Banjur diajak ndeleng, ana candi pirang-pirang; wiwitane Candi Lumbung, banjur Candi Bubrah, banjur Candi Sewu. Reca sing ngarepan, gambar buta nganggo nyekeli gada gede nggegirisi; tujune ora urip. Yen uripa, mesti medeni banget. Emane dene candi iku wis akeh banget sing rusak pating blengkrah.
"Wis le, saikine wis entek sing apik-apik; ayo pada mulih. Saiki kowe pada weruh, yen wong Jawa dek biyen bisa gegawean sing apik-apik lan nggumunake; bisa gawe candi sing kaya mengkono rupane; wis umur luwih 1000 tahun, meksa isih gawe erame wong sing ndeleng. Wong Jawa, wong sabrang, yen ndeleng candi-candi, gumune pada bae."
Nuli pada mangkat bali; ana ing dalan ora pati cikrak-cikrak kaya dek mangkate, sebab rada sayah, sarta ora mikir-mikir bab candi sing mentas dideleng iku mau. Ewa dene lakune iya isih tata, ora ana sing nggrendel. Tekane ing setatsiyun bareng.
Satekane ing omahe dewe-dewe, gupruk olehe kanda marang bapa biyunge lan sanak sedulure, ngandakake senenge olehe dolan lan apa-apa sing mentas dideleng.
( bersumber dari buku : "Kembang Setaman" )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar