Rabu, 04 Mei 2011

Majeng (II)

Ing ngajeng sampun kula cariyosaken, menawi tiyang betah yatra, adatipun inggih saged angsal sambutan. Nanging yatra punika wonten anakanipun; mangka anakanipun asring boten mekakat katahipun. Sarehning kepeped, inggih dipun tempah, boten etang pawingkingipun bade karisakan. Prelunipun namung nyekap betahipun ing sanalika punika, kadosta dipun angge ngragadi sabinipun.

Tiyang ingkang nyambeti wau wonten ingkang tegelan, wonten ingkang boten. Ingkang tegelan punika, sampun boten sanak tiyang, sanakipun namung yatra kemawon. Senajan ingkang nyambut enggenipun nyaur utawi nganaki ngantos megap-megap, inggih boten dipun preduli, janji tampi yatra kemawon. Tiyang ingkang tegelan mekaten punika inggih pancen adamel tiwasipun sesami-saminipun tiyang; nanging tiyang ingkang nyambut, saleresipun inggih awasta kainan. Tiyang sampun sumerep yen boten gadah yatra, kok asring gumaib tumbas punapa-punapa ingkang pancenipun kenging dipun endakaken. Tiyang ingkang mekaten punika inggih boten patut dipun pasrahi punapa-punapa. Dene tiyang ingkang nyambuti punika, sarehne kuwatos menawi kapitunan, dados enggenipun neda anakan inggih dipun katahi kemawon.

    Ingkang punika milanipun sampun asring nyambut, menawi kinten-kinten bade boten saged nyaur. Tetumbas punapa-punapa sae kenceng kemawon. menawi boten gadah yatra, inggih sampun tetumbas. Tiyang punika boten kenging; menawi njagekaken panenan, mangke pantunipun rak gabug! Tiyang-tiyang tani inggih sampun sami sumerep, menawi tiyang nyambut pantun dipun angge bibit, panyauripun asring tikel tinimbang kaliyan menawi kenceng. Ewa semanten kok taksih pinten-pinten ingkang boten ngatos-atos.

    Mestenipun wonten ingkang batosipun mekaten: "Menging nyambut punika gampil kemawon, angger tiyang inggih saged." Boten mekaten; inggih pancen angel tiyang nyandet manahipun, enggenipun bade nyambut; nanging yen dipun udi, inggih saged. Rekanipun mekaten: menawi ngleresi gadah yatra, mangka kepengin tumbas barang ingkang boten patos prelu, punika dipun candeta. Punapa malih menawi bade dipun angge ropyan-ropyan, sampun pisan-pisan dipun turuti. Sabab menawi emben wingking kekirangan yatra, susahing dipun sangga piyambak. Kaliyan malih menawi ngleresi panenan punapa-punapa, sampun enggal-enggal dipun sade sadaya, sabab regenipun taksih mirah; sampeyan ngentosi menawi regenipun sampun mindak. Menawi gadah kajeng punapa-punapa, inggih dipun candeta rumiyin.

    Menawi lebar panen jenggleng, pantun lajeng byuk-byukan dipun ujangaken, regenipun mesti mirah sanget. Sangsaya katah ingkang ngujangaken, regenipun sangsaya mlorod.

    Menawi sadangunipun dereng panen, betah yatra sawetawis, inggih sae pados sambutan ingkang anakanipun mirah-mirahan kemawon. dene penyauripun sampun ngantos lebar panen plek; sageda let kalih wulan utawi tigang wulan kaliyan panen.

    Anggenipun pados sambutan ingkang mirah anakanipun dateng pundi? Dateng bang negari utawi bang dusun (Bank Negara atau Bank Desa). Menawi ing dusun boten wonten bang, dateng lumbung dusun inggih saged. Ing jaman sapunika Pamarintah sampun ngedegaken bang pinten-pinten, prelunipun kangge mitulungi tiyang alit ingkang sami betah yatra; anakanipun mirah. Dene bang wau, sagedipun angsal pawitan yatra ingkang dipun lampahaken punika, saking tiyang-tiyang ingkang sami nyelengi yatra ngriku: ingkang nyelengi punika inggih angsal anakan sekedik.

    Ingkang nglampahaken bang punika kedah dipun bayar. Bang wau kedah gadah celengan piyambak kangge jagi-jagi menawi manggih bilai utawi dipun kemplang ing tiyang ingkang sami nyambut. Milanipun enggenipun neda anakan, katahipun ngungkuli enggenipun nyukani anakan dateng ingkang nyelengi. Kaliyam malih tiyang kedah tumbas dlancang, mangsi lan pirantos sanes-sanesipun, kangge kabetahanipun nglampahaken bang wau.

    Dados genahipun prelunipun bang punika mekaten :
1. Kadosta menawi prelu teda ing mangsa awis teda. Utawi kangge ngragadi penggarapipun sabin, lan sapinunggilanipun.
2. Bang ing dusun kangge njageni bakul alit-alit, supados sampun nyambut dateng tiyang ingkang damelipun nglampahaken yatra. Sabab tiyang wau yen neda anakan, asring boten dugi-dugi; terkadang ngantos sedasa persen sedinten.
3. Bang ing negari, prelunipun kangge mitulungi tiyang ingkang betah yatra katah. kadosta kangge tumbas raja-kaya, kangge nyewa siti ingkang bade dipun tanemi sata utawi rosan. Utawi kangge ngragadi penggarapipun pasiten wau. Dados tiyang tani lajeng asring pados-pados sambutan dateng tiyang ingkang nganakaken  yatra. Kaliyan malih damelipun kangge ngrimati yatranipun bang ing dusun ingkang tumando. Dene bang ing negari-negari ingkang celak pesisir, mitulungi tiyang ingkang damelipun pados ulam. Kangge tumbas baita utawi payang lan sapinunggilanipun.

    Wonten malih bang ingkang mkitulungi para kriya, kadosta: Pande, Tukang Kajeng, Tukang Sela, Kemasan, Sayang lan Sapenunggilanipun.

    Dados adegipun bang ing dusun lan negari, prelunipun kangge mitulungi tiyang-tiyang, sampun ngantos mbayar anakan katah-katah. Kaliyan malih kangge nuntuni dateng lampah gemi lan nyelengi. Sabab menawi tiyang boten purun nyelengi, inggih boten saged majeng-majeng.


( bersumber dari buku "Kembang Setaman" )

Tidak ada komentar: