Kamis, 05 Mei 2011

Dateng Ngayogyakarta [Ing jaman rumiyin] (I)

    Sardiman griyanipun ing Banyumas, pinuju tuwi saderekipun misan nama Jayus ing Ngayoja. Satunggaling dinten dipun jak ningali dateng Taman-Sari. Enggenipun bade mlebet ngangge minggah inginggiling gapura.

    Sareng sampun dumugi inginggilipun gapura, Sardiman sumlengeren, sumerep griya kina pating jenggeleg, payonipun kados sirap; ingkang dipun damel sedaya banon. Lajeng sami mandap, nunten nglangkungi mesri menggak-menggok anjog ing blumbangan ageng. Jayus criyos, yen punika tilas bale kambang, kangge pasiramanipun para putri. Ing pinggiring bale kambang wonten griyanan alit, inggih sarwa tembok dalah payonipun. Criyosipun ingriku ing rumiyin panggenanipun Kanjeng Sinuwun, menawi lenggah mriksani lelangen ing salebeting toya.

    Nunten dipun jak mubeng-mubeng mengidul, lajeng mengaler. Ingriku nglangkungi mergi ing salebeting siti, radi peteng kaliyan jenes; inginggilipun inggih wonten marginipun; margi wau kalih-kalihipun anjog dateng sumur gumuling. Sardiman sampun boten sumerep ler kidul, boten telas-telas gumunipun. Ingkang dipun gagas, kala enggalipun mendah apikipun.

Taman Sari
    Sareng enggenipun mubeng-mubeng sampun wetawis sajam dangunipun, meksa dereng kemput, lajeng ngajak medal, sabab kuwatos, mbok menawi kejugrugan. Jayus inggih nuruti, sabab Sardiman ketawis yen ajrih yektosan. Lajeng dipun jak dateng alun-alun kidul. Lampahipun anjog ing gajahan. Ingriku wonten gajahipun kalih dipun cancang ing wantilan. Ingkang nama wantilan punika : saka ageng gilig. Menawi gajah kemawon, Sardiman sampun nate sumerep, wonten kemidi kapal; ing Banyumas inggih asring wonten. Ananging wonten ing gajahan ngriku dipun tedahi rekanipun gajah yen neda klapa. Jayus tumbas klapa kalih dateng tiyang ingkang ngleresi dasar wonten ingriku, dipun sukakaken dateng sratinipun, kapurih makakaken gajah satunggal-satunggal. Klapa lajeng dipun uncalaken dumawah ing ngajenging gajah; nunten dipun candak ngangge tlale, dipun kepruk ing mester. sareng toyanipun wonten ingkang mancur, lajeng dipun langga. Kok pinter! Sareng sampun asat, lajeng dipun selehaken ing mester, dipun ulig-ulig ngangge suku; batokipun katah ingkang nglokop, nunten dipun emplok. Wonten batok sekedik-sekedik ingkang taksih nemplek ing klapa, katut dateng lebet cangkem, dipun lepeh, namung kantun batok kemawon, klapanipun sampun dipun teda. Sardiman enggenipun ngingetaken njomblong. saweg punika sumerep gajah neda klapa. Kok kados neda beton kemawon.


( bersumber dari buku "Kembang Setaman" )




Tidak ada komentar: