Ing sawijining dina wayah esuk Mantri guru Ngabean Ngayoja nunggang sepur karo murid-muride ing pangkat kang duwur dewe, arep menyang Kalasan. Prelune arep pada ndeleng candi. Satekane ing Kalasan pada mudun, nuli pada mlaku darat.
Ora suwe tekan ing Candi Kalasan. Candi iku kinubeng ing pager kawat; wangune olehe mageri durung lawas, sabab kawate katon isih anyar. Mantri guru nuli kanda : "Le, candi iki umure wis luwih 1000 tahun; rupane isih mengkene; mendah dek anyare. Mara ta delengen apike; watune pada diukir-ukir nganggo gambaran becik-becik. Man, kowe bisa, Man, nggambar mengkoko?" Sarman mangsuli : "Boten! Mbok menawi emben wingking saged."
"Candi iki biyen, jare-jarene sing digawekake widadari, arane Dewi Tara."
Bocah-bocah pada kedemenen ndeleng ukir-ukiran sing ana ing watu nono. Apa maneh sing ndadekake gawoke, ndeleng gambar naga pirang-pirang; ora wareg-wareg olehe ndeleng; nanging banjur diajak munggah, tekan ing sentongan. Mantri guru banjur kanda : "Ing sentongan kene iki biyen ana recane Dewi Tara; sentongan kono kuwi biyen iya ana recane. Ing legok-legokan kono-kono kuwi kuwi biyen iya ana; saikine wis pada ilang. Sangisore sentongan kene iki, kira-kira ana awune wong Indu(Hindu) jaman biyen sing diaji-aji ing wong akeh."
Ora suwe nuli pada mudun, ngubengi candi, banjur pada menyang Candi Sari. Saka ing kono mung lakon limang menit kurang luwih.
Bareng wis tekan, bocah-bocah pada ngelokake : "Kok ora pati duwur!"
Bocah-bocah nuli pada munggah, kepingin weruh rupane ing nduwur. Ing kono ana sentongane sawetara, sarta ana segogane cilik-cilik; watune iya diukir-ukir becik.
Bareng wis tutug olehe pada ndeleng, banjur mudun, nutugake lakune. Mantri guru celatu : "Iki mau durung sepira becike; sing becik temenan mengko sedela engkas. Olehmu mlaku pada sengkakna, kareben enggal tekan."
Olehe mlaku nurut dalan gede, ngliwati kali Opak. Ing kono ana kretege becik banget. Ana bocah siji sing ngelokake: "Becik temen kreteg iki!" Sijine nyambungi: "Karo dawane kok eram aku!" Gurune numpangi : "Pancen becik kreteg iki, tur sentosa banget; ewa dene durung karuwan kelar nyembadani budine banyu. Sing disik-disik ya mengkene apike, pada larut ketrajang ing banjir. Delengen, ta, iline yen ora banjir, wangune anteng; yen banjir santere kok ora jamak. Mulane dek jaman kejawan ora tau digawekake kreteg sing temenan, sabab wong nalika iku ora keduga."
Ora suwe olehe lumaku pada tekan ing pasar Prambanan; nuli menggok ngalor; candine katon ngregunuk saka ing kadohan. Satekane ing candi, Mantri guru tuku karcis kanggo murid-muride lan kanggo awake dewe; banjur pada mlebu menyang cepurining candi. Sarehne wis pada krasa rada sayah, dadi ora banjur munggah menyang candi; ngaso disik ana sangisoring wit ketapang.
bersambung ke Candi Prambanan (II)
( bersumber dari buku : "Kembang Setaman" )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar