Kamis, 28 April 2011

Wit Aren

    Apa ta prelune, wong-wong kok sok nandur wit aren? Yen rupane mono ora apik ora barang, malah sok gawe wedi. Yen ana pomahan sing ana wite aren, wangune kok banjur wingit! Panggonan ing sakiwa tengene banjur katon peteng. Ewa dene wong tani demen marang wit aren, sabab akeh paedahe. Pametune ana sing kena dipangan, ana sing kena digawe dandanan. Mulane senadyan ala tanpa rupa, iya meksa ditisnani. Coba ayo dicandra!

    Uwite gede duwur mblujud tanpa epang; dadi ora kaya wit asem utawa wit jeruk. Godonge mung ana ing pucuk bae; rupane kaya jarak, nanging gede-gede sarta kandel-kandel. Dene papahe dawane ora mekakat; ana sing nganti 6m utawa luwih. Mulane palemahan sing ana sakubenging wit, banjur sirung. Papah mau ing bongkot nlakup menyang uwit. yen godonge wis garing, bongkoting papah meksa isih ngamplok bae. Ora banjur runtuh kaya blarak; mulane wite katon pating krengkab. katik nganggo ana eduke barang; dari sangsaya wuwuk kasare. Duk'e iku rupane ireng, kaya rambut gimbal; dadi wis ora ana becike. nanging menungsa bisa ngepek gawene, sabab duk  iku kuwat, tur awet, ora gampang mopole. Kena digawe tali utawa dadung; kuwate iya banget. Yen ana wong adeg omah, utawa nenaleni barang gede cilik, utawa nggodi epring loro telu dadi siji, sing dianggo ya milih dadung eduk. Senadyan rada kasar sawetara, nanging kuwate banget, tur murah. Karo maneh eduk, yen wis dadi dadung ya kena dianam, digawe lemek utawa kesed; dadung duk iya kena dianggo ulur-ulur timba. Duk ana sing diresiki, dipilih sing kaku-kaku, digawe sikat. Ing tanah kana-kana duk iku dianggo payon omah. barang.

    Dene godonge sing wis garing kena digawe urub-urub ana ing pawon.

    Aren iku iya ana kembange, nanging rupane ora becik kaya kembang jowar utawa kembang asem. Wong bangsane krambil, kembange ya kaya manggar utawa mayang; cilik-cilik nemplek ana ing gagang; gagange dawa nglawer; jenenge dangu. Yen ditamatke temenan, kembange iku ana rong rupa; sing sarupa ora bakal dadi uwoh. panggonane nglumpuk dadi sagagang-sagagang. Kuwi sing saben-saben dirubung tawon, digoleki madune lan sarine. Dene kembange sing sarupa maneh, bakal dadi uwoh; enggone iya nglumpuk-nglumpuk dadi sagagang-sagagang. Uwohe atos banget, ana isine 2 utawa 3; jenenge kolang-kaling. Kolang-kaling iku, yen wayahe demegan, diunduhi, dijupuk isine, digawe cendol cao utawa dikolak; rasane kenyil-kenyil enak.

Wit Aren

   Wit aren iku, yen kembange ndadi, mratandani yen panyerote pangan saka sajroning lemah akeh banget; banjur numusi marang kembang mau. Kembange banjur enggal dadi woh gede-gede. Ananging menungsa iku akale ana bae. Yen ana aren sing kembange mengkono, tolering dangu banjur dipancas. Duduh utawa banyu sing pancen arep dadi panganing woh, banjur tetes deres banget. Iku ditadahi ing bumbung, calon diombe utawa digawe gula utawa cokak. Mungguh panjupuke banyu kang mengkono iku arane nderes; dene banyune aran legen. Mestine kowe wis akeh sing sumurup bab iku mau.

    Sarehne wit aren iku gede pitulungane marang menungsa, mulane menungsa ya gede panarimane marang wit aren; diemi-emi lan diupakara. Malah ana tanah-tanah, sing wonge pada ngira, yen wit aren iku ana sing mbau reksa. Mulane yen arep dideres, nganggo ditembung marang sing mbau reksa, nganggo slametan lan didokoki sajen barang, murih lelembut sing mbau reksa aja nganti munasika.

    Mungguh bumbung sing dianggo nadahi legen iku, milih sing gede lan sing dawa rose; adate sing dianggo: bumbung pring petung utawa pring ori sing gede. Bumbung mau arane lodong.

      Yen legen wis diudunake saka ing deresan, ana sing banjur diedol mentahan bae, ana sing doedol godogan, ana sing digawe gula; yen wis dadi gula, arane gula aren. Dene sing diedol mentahan, kena digawe cokak utawa diombe mengkono bae, rasane legi. Yen sing wis digodog, ora kena dienggo cokak; nanging yen diedol, kena diwayoake sawetara dina, sebab ora enggal mambu. yen legen diedol eceran ana ing sapinggiring dalan, adate diwadahi ing bumbung cilik-cilik; pangedole nganggo ditaker ing gelas utawa ciduk bumbung kang aran canting.

    Mungguh enggone masang lodong ana ing deresan iku ora leren-leren. Yen pemasange esuk, pengunduhe sore; disalini bumbung seje. Esuke bumbung sing disalinake mau diunduh, disalini bumbung sejene; mengkono iku kanjur bae. Murih legen aja enggal kecut, kang sabab kesuwen ana ing deresan, bumbung sadurunge dipasang, diiseni laru. Kejaba iku saben dina tolering dangu mau dipeges setitik, kareben aja mbunteti kang sabab rada garing. dadi diarah bisaa tansah anyar pegesane; iline legen bisa ajeg derese. Lading sing dianggo ngiris utawa magas mau kelebu gede; olehe nyengkelit nganggo diwrangkani, dadi ora gampang natoni awak. karo maneh bisane mundak bancar marang ilining legen, toler sing dideres iku ditutuki nganggo ganden cilik, kareben empuk; dadi dalaning banyu bisa lega.

    Sawiji-wijining dangu penderese nganti sesasi rong sasi. Yen legene arep digawe gula, penggawene sarana dogodog. Yen wis asat, sing kari mung patine utawa candune, aran gula aren; rasane legi anglek, ora matuki kaya gula tebu.

    Terkadang legen diombe digawe omben-omben aran tuwak utawa badeg; kuwi ngendemi kaya dene jenewer utawa anggur. Yen wong Jawa, ora akeh sing karem ngombe badeg; pancen ya becik mengkono, sabab wong mendem iku ora patut banget, tur agawe rusaking awak.

    Paedahe aren ora mung iku bae. Kayune atos banget, rupane ireng pating sluwat, becik dianggo doran utawa dandanan liyane, Ing jerone kayu ana atine empuk, kena diepek patine, aran pati onggok; kena digawe jenang utawa digawe cendol dawet, rasane enak.

    Kejaba iku sadane kena digawe sapu sarta rege; papahe kena digawe gapiting suri, piranti nenun; godonge sing isih enom aran kawung, kena dianggo linting rokok. Kawule kena digawe empan-empane nitikan; sruwane kena digawe kalam, piranti nulis Arab. Cekake wit aren iku akeh banget paedahe. Apa ana sing isih kliwatan olehku nyebutake?


( Bersumber dari buku "Kembang Setaman" )


Tidak ada komentar: