Ing kapuloan
Indonesiyah kene iki, kang sisih lor akeh banget pulone cilik-cilik, sing ora
dienggoni dening uwong. Jalaran tanahe cengkar banget. Yen digawea tetanen,
pametune ora timbang kambi kangelane. Ewa dene pulo iku ing pesisire pada ketukulan
ing wit krambil. Kepriye kok dadi mengkono? Mestine kowe duwe pengira, yen wit
krambil iku ditandur ing uwong. Iku ora mengkono. Sing nggawa wijine mrana iku
banyu segara. Terange mengkene. Ing pesisire tanah Jawa iki ewon kehing wite krambil. Ing kono kerep bae
ana krambil garing kang tiba ing lemah, ora banjur dijupuk.Yen segarane rob,
akeh kang banjur katut ing ombak menyang satengahing segara. Ana segara tansah
kumambang, jalaran tabone enteng. Iya bener tabone iku banjur klebon banyu,
nanging banyune ora bisa terus tekan ing krambile (daginge). Jalaran
kalang-alangan ing batok; dadi krambile ora bisa bosok.
Enggone
kompal-kampul digawe dolanan ing ombak
ana ing satengahing sagara, nganti pirang-pirang dina. Wekasan kentas
menyang gisiking pulo, kang ora ana wonge. Yen segarane ing kono rob, krambil
mau sansaya kebuwang munggah ing daratan. Lawas-lawas tukul sarta metu oyode.
Yen wis sawetara tahun, woh krambil mau wis malih dadi uwit. Wohe iya bakal
adoh parane mengkono; terladang malah ngluwihi adohe.
Wit Randu |
Yen mengkono, dadi banyu iku bisa mencarake tanduran. Saliyane banyu iya isih ana maneh sing agawe pencaring tetukulan. Apa kowe isih kelingan critane kates biyen? Ing kono manuk, kang mencarake wiji. Apa kowe weruh kopi luwak? Ana maneh wowohan, kang kulite pating cringih. Yen kowe mlaku ana ing suketan, bebedmu (kain/sarung) rak sok ketemplekan suket domdoman, ta? Iku dadi wiji, arep ngalih, tukul ing liya panggonan. Dadi kowe, kang gawe pencare. Mulane mengkono, sabab kaya-kaya wis weruh, yen ing panggonane lawas wis ora pati akeh pangane; dadi sumedya golek panggonan, kang isih akeh pangane.
Yen kowe gelem ngiling-ilingi awake sapi, wedus utawa kewan liyane, kowe mesti weruh, yen wulune sok ketemplekan ing wowohan kang cilik-cilik. Yen kewan iku kekosod utawa kukur-kukur, wowohan mau pada tiba ing lemah, ora lawas tukul. Mengkono uga wijine tetukulan ing banyu, akeh kang katut ing endut (lumpur), sing tememplek ing sikile manuk-manuk kang sabane ing banyu.
Kejaba saka kang kasebut iku mau, isih ana maneh sing marakake pencare wiji. Kowe rak wis pada weruh wit randu, ta? Yen wohe wis wayahe tuwa, godonge pada brindil. Kulite wohe atos, ing jero ana kapuke; gawene dienggo ngiseni kasur utawa bantal. Terkadang kapuk itu digawani menyang tanah Eropa. Ing sajroning kapuk iku ana isine (klenteng); kuwi wijine.
Woh randu kang wis garing akeh kang pada mletek; kapuke moto-moto. Yen katempuh ing angin, ana kang katut saisine pisan; tibane terkadang nganti adoh saka panggonane lawas. Mulane ora banjur tiba, jalaran kapuk kang melu kabur iku enteng banget. dadi brindiling godonge iku, supaya kaburing wiji mau aja nganti kalang-alangan. Dadi yen mengkono iku, pencaring wijine saka penggawene angin.
Kejaba randu isih ana maneh tanduran utawa tetukulan liyane, kang wijine pencar dening angin, kayata kapas, luntas lan liya-liyane.
Ana uga tanduran kang bisa dewe mencarake wijine, ora nganggo srana apa-apa, kayata pacar banyu. Wohe yen wis tuwa, enggone mletek rosa banget, nganti wijine keplesat adoh. Kang mengkono iku prelu banget, sabab yen wijine pada tukul ngenggon, mesti pada kekurangan pangan, kekurangan panas utawa hawa. Kadadeane akeh kang pada mati; sing isih urip, pada kuru-kuru.
Dadi Gusti-Allah enggone mencarake tanduran, sranane warna-warna banget.
( bersumber dari buku "Kembang Setaman" )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar