Kamis, 28 April 2011

Kulit kayu diolah dadi tablet

Wit Kinah
    Ing pegunungan ing tanah Priyangan sing duwur-duwur ana tanah presil pirang-pirang; tanah mau ditanduri wit kinah. Enggone nandur wit kinah iku mung prelu di-epek kulite bae. kulite wit kinah iku akeh banget regane.

    Wit kinah iku pinangkane saka ing negara manca; penandure ing tanah Jawa seprene lagi 70 tahun. Dene asale ing tanah Amerika-kidul, diepek wijine, digawa menyang tanah Jawa. Nanging penjupuke wiji iku ora gampang, sabab wong-wong ing kono banget penjagane, aja nganti wijine utawa tukulane kinah mau dijupuki utawa digawa uwong menyang tanah liya. Yen ana wong sing bisa njupuk tukulane, digawa menyang tanah Jawa, tekane ing tanah Jawa terkadang wis pada mati, sabab saking lawase ana ing dalan. Kang mengkono iku sakehing wragad lan kangelan dadi ilang muspra.

     Apa ta perlune kok kepati-pati wit kinah arep ditandur ana ing Indonesiyah kene? Sabab ing kene akeh wong sing lara panas malaria; mangka lara panas kang mengkono iku tambane sing istijab, ora ana maneh kejaba mung njupuk saka wit kinah.

    Saiki ing salore negara Bandung, ing ereng-erenging gunung Tangkuban Perahu, ana kebon kinah jembar banget. Kebon iku sing yasa swargi tuan Junghuhn. Tuan mau enggone ngopeni kebon kinah ora leren-leren nganti tekan sedane. Dene kubure ana ing Lembang. Ing satengah-tengahing kebon kinah.

    Ana dene wit kinah iku yen wis umur 20 tahun, wis sedeng-sedenge diepek paedahe. Pang-pange digrajeni disik, banjur uwite digraji ngancas; dadi tumibane ing lemah, ngadeg, ora ngrubuhi uwit ing sakiwa tengene. Uwit lan pang-pange mau banjur diketoki, dawane 1 m; kulite diklokopi. Enggone nglokopi iku patrape mengkene : Kayu-kayu mau ditutuki nganggo ganden. Yen kulite wis mari kraket karo kayune, banjur diklokopi.

    Oyode iya kanggo; mulane iya diduduki. Oyod mau kulite diklokopi nganggo lading balung. Klokopan-klokopan sing isih teles iku banjur diwadahi ing kranjang pirang-pirang, digawa menyang pamepean. Yen enggone mepe wis garing, banjur diwadahi ing bagor utawa goni, dikirimake menyang pabrik. Ana ing kono digiling, nganggo dijantoni rupa-rupa; pirang-pirang jantune.

    Yen wis mengkono, nuli dipipit, didadekake tablet, digangsa nganggo gula, supaya paite aja nganti krasa. Tablet mau banjur diedol saenggon-enggon; malah ing desa-desa sing adoh karo kuta iya ana tablet kinah kang mengkono iku. Paedahe tablet mau dianggo tamba lara panas malaria.


( bersumber dari buku "Kembang Setaman" )

Tidak ada komentar: