Selasa, 26 April 2011

Wangune cumbu, jebul kesit temen

    Ing sawijining dina si Sukanta nunggoni ambengan. Bapakne arep bancakan. Sing ngepung mung wong sing tunggal saomah bae. Saben-saben panganane dirubung laler; digusah tansah bola-bali bae. Atine nganti pegel; celatune : "Dubilah, laler iki! Wong digusah kok pijer bola-bali wae!"  Bareng wis pada pepak, bapa biyunge lan sedulur-sedulure kupeng. Si Sukanta celatu maneh : "Aku gregeten temen menyang laler kuwi. Tak gusah ping pirang-pirang, kok bola-bali wae. Kecandaka rak tak remed-remed temenan. Karo matane kok awas temen, angger arep didekep, prung! Sedela engkas bali maneh; arep ditampel, prung! Ora diundang ora barang kok bola-bali wae. Hara! Pengrasane rak kaya diolah-olahake mana."
Laler (Lalat, bhs.ind)

Biyunge nyambungi: "Wong laler wae kok kopreduli; togna wae rak uwis. Karo maneh kalong sepira, ta!"

    Sukanta mangsuli: "Oraa kalong kae, kok gregeten, olehe mbesur kuwi, lo! Olehe ngece-ece uwong kok kegila-gila!"

    Bapake nyambungi: "Ah, pancen iya. Saploke tangga ngingu jaran kuwi lo, laler pancen pyung-pyungan tekane!"

    Sukanta ora ngerti marang guneme bapakne, banjur takon : "Kados pundi, pak; kapal (jaran) tumut, tumut punapa?"

bapakne mangsuli: "Mengkene: laler iku yen ngendog milih enggon sing reged-reged; mangka gedogan jaran iku wis mesti akeh tletonge. Dadi laler iya seneng banget ngendog ana ing kono. Yen ngendog setaun ping pat, ping lima; sepisan-pisane atusan. Yen netes dadi set; kesenengane manggon ana ing tletongan. Embuh, wis mengkono karsane kang nitahake jagad. Ana sing ora betah cedakan karo tletong, jebul ana sing seneng manggon ana sajroning tletong. Yen uwong dikon manggon ana sajroning tletong mengkono, aja sing dinanan, sasen-sasen, lambok sajam rong jam wae ya wis blukekan.

    Mestine kowe wis pada weruh eset. Ora ana sikile, ora duwe elar kaya laler. Mung ugat-uget wae; bisa-bisane mung mecetat, rada adoh. Rupane nggegilani. Yen lagi netes, gedene sakmenir. Yen wis sawetara dina, banjur mundak gede lan mundak dawa, wetara sakakange beras. Sing dipangan apa? Iya tletong sing dienggoni iku. dadi olehe ora duwe sikil utawa elar iku ora ndadekake susahe. Kiwa-tengen, ngisor-nduwur, wis pepanganan tok wae; ora susah kluyuran mrana-mrana.

    Sukanta nyelani: "Tobat, la yen ngaten rak jember sanget, laler menika. Alit manggen wonten ing tletong, ageng pencokanipun tletong; lajeng pindah-pindah dateng tetedan warni-warni! sekedik-sekedik sukunipun punika rak inggih gupak tletong! Dados sampun layak kemawon anggen kula gregeten punika."

    Bapakne mangsuli : "Pancen iya jember; nanging tak tutugne disik olehku kanda. Rupane eset iku, bongkot pucuke lancip, ora ana sikile, ora ana lare, ora ono apa-apane; moeng ana cangkeme wae cilik banget. yen wis sawatara lawase olehe urip ngenak-enak mengkono iku, banjur ngentung. Yen mungguha uwong, tapa; kuwi meneng wae, ora obah, ora osik, wis kaya mati, nganti sawatara dina. Nuli mlungsungi, ninggal panggonane lawas, ngrasuk badan laler, ana sikile lan ana elare. Banjur bisa ngayuh ing gagana kaya Raden Gatutkaca.Karo maneh duwe tlale kanggo nesep pangane. Doyanane, sing legi-legi utawa sing bacin-bacin."

    Sukanta nyelani: "Ah, kula kok gigu!"

    Bapakne mangsuli: "Iya pancen nggigoni; nanging wong angel banget, olehe ngedohake kepriye, ta? karo maneh yen wis wujud laler iku rupane ora nggigoni; sikile nenem kaya semut lan rayap. Sikile iku ing sabobote iya kuwat tur kengkeng. Wangune yen dianggo mlaku ora bakal lempoh. Suwiwine utawa elare loro, kelar njunjung lan ngawa awake ing sakarepe. Mara tamatna, ta; kuwi lo ana laler. Sikile kuwi ana wulune lembut-lembut lan ana ros-rosane. Pucuke rada njeber setitik; iku kena dienggo mencok ing saenggon-enggon. Ana ing pengilon utawa ing kaca iya bisa mencok lan bisa mlaku gampang wae. ora kuwatir keplesed. Yen mlaku jlalat-jlalat, sajak ngewak-ewakake, kaya Raden Citraksi. Sikile sing katon kuwi, sing siji sikil ngarep, sijine sikil tengah, sijine sikil mburi. Ing kanane iya ana sikile mengkono; dadi sikile telung pasang.

    Mau-maune si Sukanta ora tau mikir marang awaking laler. Bareng dikandani bapakne mengkono iku, dawa-dawa pamikire. Wasana banjur gawok banget marang panguwasane Pangeran kang nitahake. Samubarang titahe, yen dipikir temenan, mesti agawe eram. Sukanta lagi deleg-deleg mikir-mikir, kawuwuhan bapakne nyaritakake matane laler; gedene ora majad karo awake; mulane awase ngebat-ebati. Sukanta sangsaya gumun, lan sansaya mundak pangertine.

    Bapakne mbanjurake kanda: "Kowe wis weruh yen laler iku rupa-rupa, ora mung sarupa wae. Ana sing gede, rupane ijo gilap, jenege laler ijo utawa laler wilis. Kuwi yen ngendog senengane ana ing daging utawa pekiwan, ora ana ing cletongan. Panggonane iku iya dadi panganing anake yen wis netes. Ana maneh laler sing pengendoge ana ing kulite kewan sing isih urip, kayata ing kuliting jaran, kebo, wedus sapanunggalane. Yen wis netes, anake banjur nguruki kulit, olehe ngentung iya ana ing kono. Kewan sing dienggoni iku, wis mesti wae gregeten lan ora seneng; nanging si laler ora preduli."

    Bocah-bocah mau pada ndongong olehe ngrungoake. Embokne Sukanta banjur celatu : "Wis, le, panganane pada panganen, entekna. Mengko lalere selak teka maneh pirang-pirang." Bocah-bocah enggal tumandang mangani panganan lan ngombe setrup kanti bungah-bungah. Bapa biyunge melu bungah. Banjur bubaran.


( bersumber dari buku Kembang Setaman )


Tidak ada komentar: