Rabu, 27 April 2011

Awon, nanging ageng paedahipun

    Sabab punapa tiyang-tiyang kok sami remen jene utawi selaka? Punapa sabab ageng paedahipun? Boten! Menawi paedahipun kawon kaliyan tosan, tebih kaotipun. Tosan punika paedahipun boten wonten ingkang ngungkuli. Inggih leres rupinipun andap piyambak, nanging manawi tiyang dipun tilar tosan, saiba susahipun. Jene punika sanajan awisipun tikel katah tinimbang tosan, nanging manawi dipun angge pirantos punapa-punapa boten kangge, kirang atos. Tosan saged kiyeng; dipun angge pirantos mitadosi. Mara sampeyan manah, sapinten katahipun pirantos ingkang badenipun tosan. Pirantos tiyang tani, tukang-tukang, pande, kemasan, gemblak, katah ingkang badenipun tosan. Lading, gunting, linggis, catut, badenipun inggih tosan. Menawi sampeyan manah yektosan, sakenjing kemawon sampun pinten-pinten pirantos ingkang sampeyan cepeng, ingkang wonten tosanipun. Cobi sampeyan titeni ingkang yektosan.

    Menggah pirantosipun tiyang punika, menawi kala jaman kina-kinanipun, inggih boten wonten tosanipun; sabab kala samanten dereng wonten caranipun tiyang pados tosan; ingkang dipun angge pirantos; badenipun sela, dipun wangun miturut perlunipun. Palunipun sela, ladingipun sela, wadungipun inggih sela. Dene dedamelipun inggih mekaten. Menawi panah, bedoripun inggih sela utawi balung. Sapunika ingkang taksih gadah cara mekaten punika : tiyang Papuwah. namung ingkang manggen wonten ing pesisir, ingkang asring srawungan kaliyan bangsa sanes, punika sami ngangge pirantos tosan.

    Mbok menawi sampeyan sampun sami sumerep yen tosan punika pamendetipun saking salebeting siti, sarana dipun duduk. nanging menawi tiyang nduduk siti, pados tosan ingkang katingal saben dinten punika, inggih mboten angsal. Ingkang kepanggih wonten salebeting siti punika malah boten memper tosan babar pisan.

    Wonten negari-negari ingkang pasitenipun wonten tosanipun; panggenanipun lebet sanget. dados menawi bade pipun pendet, ngangge dipun duduki rumiyin, sarana dipun bur, kados sumuran. Ing ngandap, menawi sampun dumugi panggenanipun tosan, dipun damelaken landakan, dipun angge margenipun tiyang ingkang sami nyambut damel. Wonten ing lebet ngriku tiyang-tiyang wau sami ngeruki siti ingkang kaworan tosan; wujudipun ingkang dipun inggahaken punika inggih kados siti utawi sela, pating pringkil, pating prongkal kemawon. Menawi bade dipun pendet tosanipun, kedah dipun luluh. Mbok menawi sampeyan dereng wonten ingkang sampun sumerep jer-jeran tosan; Ingkang sampeyan sumerepi saweg tosan abrit kemawon, ingkang dipun besmi pande punika. Pancen tosan punika inggih botem gampil luluhipun. Menawi namung dipun besmi areng sambi utawi kajeng sanesipun kemawon, dereng saged luluh, sabab kirang benter. Sagedipun luluh menawi benteripun langkung dening sanget.


    Ing tanah-tanah ingkang wonten pemedalipun tosan, utawi ing negari sanesipun, wonten pabrikipun ingkang dipun angge ngluluh tosan punika. Dene pawonipun ingkang dipun angge ngluluh punika, inggil sanget, wangunipun bunder, tembokipun sela utawi banon. Selanipun punika milih ingkang atos sanget, boten saged luluh dening latu. Pawon wau dipun damel ageng tengah; dados menginggilipun utawi mengandapipun sangsaya ciyut. Mara sampeyan ningali gambaripun pawon punika; punika gambaripun menawi dipun sigar tengah leres. Ingkang ngandap punika enggen kajeng kaliyan areng sela. Menawi latu sampun ndados, lajeng dipun byuki siti tosan tipis-tipisan, lajeng dipun byuki areng sela; nginggilipun dipun byuki siti tosan malih, nunten areng sela. Mekaten punika ngantos pawon wau kebak sapenginggil. Ingkang ngebyuki punika kuli-kuli; boten kangelan; sabab pangusungipun siti tosan lan areng sela wau ngangge gledegan. Enggenipun ngesokaken saking bolonganipun pawon ingkang nginggil punika, dumawah ing latu ingkang marong wonten ing ngandap ngriku. Dados siti tosan punika ngandap nginggilipun: areng sela. Menawi areng punika sampun sami dados latu, siti tosan wau dados benter sanget; tosanipun lajeng luluh. Murih benteripun mindak santer, ngangge dipun ububi saking ngandap. Inggih memper ububanipun pande punika, nanging ageng sanget.


    Menawi tosanipun sampun luluh, lajeng ndledek mengandap medal ing bolongan. Bolongan punika kenging dipun bikak, kenging dipun tutup. Menawi ing salebeting pawon wau sampun katah luluhanipun tosan, bolongan punika dipun bikak; tosanipun lajeng mili dateng salebeting siti. Ing ngriku sampun dipun damelaken kalenan ciyut-ciyut, nanging panjang. Wonten ing ngriku dipun togaken kemawon ngantos asrep; nunten dipun pendeti, kenging dipun citak utawi dipun gembleng, dipun damel dandosan werni-werni.

    Pawon punika wau, menawi sampun dipun latoni sepisan, boten sirep-sirep; rinten dalu tansah dipun byuki siti tosan kaliyan areng. Terkadang ngantos 15 tahun lajeng kemawon. Sela-sela ing tembokipun lajeng asring wiwit bebrek, sabab kenging ing latu rinten dalu; punika nguwatosi, mbok menawi pawonipun ambruk.

    Latunipun lajeng dipun pejahi, pawonipun dipun bibrahi, dipun santuni sela enggal. Ing kapuloan Indonesiyah ngriki klebet katah tadahipun tosan; punika dipun datengaken saking ing tanah sabrang. Wonten ing ngriki dipun damel dandosan werni-werni. Ing ngrika-ngrika, kadosta ing Surabaya, inggih wonten panggenan pangluluhan tosan. Tosan ingkang dateng saking sabrang, wonten ing ngriku dipun luluh malih, dipun damel roda, urung-urung, saka, pirantos pabrik, lan sanes-sanesipun.

    Gambar ing wingking punika gambaripun pabrik tosan; tiyang-tiyangipun sami nyambut damel nyitak tosan. Menawi sampeyan saged ningali pabrik tosan, kinten kula ingkang sampeyan tingali inggih katah emperipun kaliyan gambar punika.

( bersumber dari buku "Kembang Setaman" )

Tidak ada komentar: