Selasa, 13 September 2011

Mula-bukanipun wonten pantun

   Kacariyos ing jaman kina Betara Guru karsa nitahaken Widadari, kaparingan nama Retna Dumilah. Sareng Retna Dumilah sampun diwasa, saking karsanipun Betara Guru bade dipun pundut garwa. Retna Dumilah inggih purun dipun pundut garwa, ananging gadah panuwun tigang perkawis :
1. Nyuwun teda, ingkang boten mboseni ing selami-laminipun.
2. Nyuwun pengangge ingkang boten kenging ing risak.
3. Nyuwun gangsa serancak, ingkang saged mungel piyambak.

    Sareng Betara Guru tampi pepanggilipun Retna Dumilah ingkang mekaten punika, sanget kaweken ing galih. Milanipun lajeng utusan Kala Gumarang tumedak dateng Marcapada, pados ingkang dados panuwunipun Retna Dumilah.

    Wonten ing marcapada Kala Gumarang dilalah sumerep Dewi Sri, garwanipun Betara Wisnu. Kala Gumarang salah damel, asring njawat dateng Dewi Sri; milanipun Dewi Sri sanget sekelipun ing penggalih. Jalaran saking punika Kala Gumarang dipun sotaken malih dados celeng. Pangajeng-ajengipun Berata Guru dateng wangsulipun Kala Gumarang tanpa wasana. Milanipun Retna Dumilah lajeng dipun dawuhi : purun boten purun meksa bade dipun pundut garwa. Retna Dumilah puguh enggenipun mopo, lajeng nganyut tuwuh. Miturut rembagipun para dewa ing suralaya layonipun Retna Dumilah dipun petak wonten ing negari Mendang-Kamulan; namanipun dipun pindah Dewi Tisna-Wati. Prabu Makukuwan, ratu ing Mendang-Kamulan, kapatah rumeksa pasareanipun Tisna-Wati wau.

    Sang Prabu Makukuwan ngestoaken timbalanipun Betara Guru. Sareng dumugi kawan dasa dintenipun, Sang Prabu sumerep ing pasareanipun Dewi Tisna-Wati wonten cahya gumebyar; ing salebeting cahya punika wonten tetukulanipun aeng. Sanalika Sang Prabu ngaturi uninga dateng Betara Guru. Betara Guru lajeng paring uninga, yen tetukulan punika kepanjingan sukmanipun Dewi Tisna-Wati; milanipun kedah dipun openi ingkang sae-sae. Wiwit nalika punika salajengipun menungsa bade angsal teda saking ing tetukulan wau, mantun neda pamedaling wana. Sirahipun Dewi Tisna-Wati dados kelapa, puseripun dados pantun, tanganipun dados pala gumantung; dene sukunipun dados pala kapendem.

    Prabu Makukuwan ngestokaken sadawuhipun Betara Guru; tetukulan wau dipun openi sae-sae sarta dipun edum dateng kawulanipun sadaya. Wonten tiyang tani awasta Jaka Puring kaliyan Kyai Tuwa, sanget enggenipun ngaji-aji dateng tetukulan wau; milanipun ngantos sapunika taksih sami dipun leluri sarta dipun wastani bapa tani kaliyan biyang tani.

    Kala Gumarang senajan sampun dados celeng, ewa dene boten mantun-mantun enggenipun bade ngresahi dateng Dewi Sri, ndadosaken sekelipun. Milanipun Dewi Sri lajeng nenuwun ing Dewa, mugi-mugi enggal dipun punduta. Panuwunipun kasembadan. Layonipun inggih dipun sarekaken ing Medang-Kamulan. Sareng nyandak kawan dasa dintenipun, saliranipun Dewi Sri inggih tukul tanemanipun kados dene Dewi Tisna-Wati. Ananging wonten bedanipun; pantun ingkang asalipun saking saliranipun Dewi Sri kedah dipun tanem wonten ing sabin; ingkang saking Dewi Tisna-Wati wonten ing tegil utawi pegagan.

    Kala Gumarang sumerep Dewi Sri seda, boten kendo kajengipun, malah sansaya nganja-anja manahipun. Milanipun lajeng bade ngrisak taneman pantun; ananging tumunten dipun pejahi Betara Wisnu, dipun tumbak ing granggang. Kala Gumarang, senadyan sampun pejah, enggenipun ngresahi taneman boten mantun-mantun. Bangkenipun medal kewanipun, ingkang dados ama warni-warni.

    Mekaten ugi anak-anakipun Putut Jantaka inggih sami dados satrunipun pantun, asring sami ngrisak pesabinan, asipat liman, warak, kidang, sangsam, ketek, tikus, sapenunggilanipun, sami dipun kepalani Kala Gumarang; sanget ndadosaken ing gemesipun Jaka Puring kaliyan Kyai Tuwa. Sang Prabu Makukuwan karsa tetulung nyirnakaken ama-ama wau. Ingkang mekaten punika inggih kelampahan; namung mahesa kaliyan lembu sami dipun tawan, boten dipun pejahi, dipun dadosaken rencangipun tiyang tani.

    Wiwit ing nalika semanten taneman pantun saged wilujeng, tukulipun subur, lami-lami lajeng sangsaya ngreda.

    Wasana Dewi Sri lajeng nitis dateng Prameswari ing Medang-Kamulan. Betara Wisnu nitis dateng Prabu Makukuwan. Jalaran saking punika Prabu Makukuwan sagarwanipun sami saged paring piwulang dateng kawulanipun ing bab pangupakaranipun pantun. Makaten ugi ing bab lampah-lampahipun tiyang panen sarta wilujenganipun, supados tulusa tanemanipun pantun. Inggih punika mula-bukanipun wonten pantun, sarta mula-bukanipun wilujenganipun tiyang nanem pantun, ingkang tumindak ngantos ing jaman sapunika, enggenipun sami memule dateng Dewi Sri.



( bersumber dari buku "Kembang Setaman" )




  

Tidak ada komentar: