Selasa, 07 Februari 2012

Wong lelungan ing jaman saiki.

Suprapta banjur celatu : “ Iya mas, mestine akeh weruhmu. Priye ta, Sepur kuwi ?”

Sumbaga mangsuli : “Aku iya weruh setitik-setitik, ora akeh; pengrasamu aku iki pinter banget mana? Mengkene kandane guruku :

Ing kapuloan Indonesiyah kene, wiwite ana Sepur, seprene lagi wolung puluh tahun kurang luwih; saben-saben mundak; nganti seprene isih mundak-mundak wae. Negara sing ndelik-ndelik, saiki wis akeh sing ana Sepure utawa Treme. Wohwohan wetune padesan utawa Negara, dek biyen ora bisa payu, marga ora bisa mbuwang, nganti pada bosok. Bareng wis ana Sepur, banjur dikirimake menyang endi-endi, bisa laris, payu akeh. Mengkono uga iwak segara sing dikirimake esuk saka tanah pesisir, yen diemot Sepur, sorene bisa tekan Negara sing adoh saka pesisir. Yen saka Semarang, sorene bisa tekan Ngayoja, Surakarta, Magelang, ora butuk. Yen saka Surabaya, menyang Madiun, Kediri, Ponorogo, Tulung-Agung.

Sepur kuwi, yen ing tanah Jawa, sing disik dewe saka Semarang menyang Tanggung. Ora lawas dibanjurake tekan Sala, banjur tekan Ngayoja pisan. Let setaun rong taun banjur ana Sepur saka Jakarta menyang Bogor. Saikine ngendi-endi wis ana Sepur. Saka Jakarta menyang Surabaya, yen nunggang Sepur bisa tekan sedina. La yen nunggang dokar, nganti pirang-pirang dina.

Olehe masang ril dalan Sepur kuwi ora gampang; ora kena kon banjur dipasang wae teplak-teplek ana tengah sawah utawa tengah alas. Yen lemahe endek, diurug disik nganti mingklik-mingklik. Yen duwur digempur. Sing nggarap wong pirang-pirang atus, pirang-pirang ewu, nganti sasen-sasen utawa tetaunan. Yen nrajang gunung, gununge ditrowong; nrowong kuwi rekasa banget. Iki mengko iya nganggo ngliwati trowongan. Yen nrowong gunung, olehe miwiti saka kiwa tengen. Iba ta angele olehe ngira-ira, murih trowongane bisa kenceng, bisa gatuk, tuk, ora menggak-menggok. Penggawene kreteg sing ana nduwure jurang utawa kali, iku iya dudu penggawean baen-baen. Yen aku kowe, ora bisa nduga-nduga kepriye rekane; bisane rampung babar pisan, kenane diambah Sepur, iya nganti lawas olehe nggarap. Terkadang ana lemahe sing longsor; lemah urugan anyar mlorod menyang jurang sing cerung; banjur diurug maneh kaya dek wiwitan.”

Suprapta takon : “Kuwi kabeh aku isih nyandak pikirku; bareng jare ana sepur sing bisa menek, munggah gunung, kuwi aku judeg. Gek kepriye rekane?”

Sumbaga mangsuli: “O.., kuwi ora kok munggah gunung ndeder ngono. Iya bener munggah, nanging ora kaya cecak menek tembok kae; dalane sepur digawe menggak-menggok, mubang-mubeng. Unggah-unggahane ora sepiraa; mung wae dalane mundah dawa. Ewa dene iya ana sing rada banget munggahe. Yen cantelane Kreta sing mburi dewe pedot umpamane, kuwi mbalike banter banget lakune; bisa ndadeake cilakane wong-wong sing nunggang. Mulane murih aja nganti klakon mengkono, lokomotip diseleh ana ing mburi, dadi nyurung.”

Suprapta takon maneh; sabab kepingin weruh sing temenan : “Iya Lokomotip diseleh mburi; la yen Lokomotip dewe sing sepatune tugel, kepriye; ha rak bisa mbalik; Kretane kabeh katut!”

Sumbaga mangsuli : “Sing mengkono kuwi iya wis dikuwayani. Trem sing saka Secang menyang Bahrawa kuwi ya ana sing munggah rada banget; kono rile telu; sing tengah ana unton-untone. Lokomotip iya ana rodane gede ana ing tengah, iya nganggo unton-unton, bisa plek karo unton-untone ril sing ana tengah mau. Kuwi gawene wis kaya sepatu; malah ngungkuli.

Dalan sepur kuwi, yen tiba ing enggok-enggokan, pinggire dipasangi cagakan ana palange. Apa maneh ing halte utawa Setatsiyun iya ana cagake mengkono kuwi. Yen palangane, tibane ing cagak mau malang bener, masinise banjur ngerti, yen sepure ora kena mlaku banjur; sepure iya kudu diendegake. Dene yen sore, wis peteng, sing dienggo tenger : Lentera; belinge ana sing abang, ana sing ijo. Dadi masinis kuwi, sasuwene nglakokake sepur, rupa-rupa sing kudu diawasake; ora kena disambi ngenak-enak. Yen sembrana, bisa gawe cilakane wong pirang-pirang.

Sepur karo Trem kuwi rile ngendi-endi pada wae ambane. Dadi yen ana Kreta amot barang saka ngetrem, arep dibanjurake metu Sepur, ora susah dielihi. Kretane momotan kuwi wae diwetokake ing dalan Sepur, iya plek wae. Mung Sepur N.I.S. (Ngayoja-Sala-Semarang), dalane amba, geseh karo Sepur liya-liyane.

Isih ana maneh tunggangan sing luwih dening rikat, ngambah awang-awang, jenenge Kapal-Udara utawa Zeppelin. Tunggangane kaya Prau; sing nunggang manggon ana ing omah-omahan sajrone balon. Lakune bablas wae, ora preduli apa-apa, sabab lakune ana ing awang-awang; dadi alas, kuta-kuta, kali, telaga, kuwi kabeh ana ngisore, ora prelu masang kreteg utawa ngurug dalan kaya Sepur iki. Wis lakune rikat, nganggo bisa ngenceng wae. Dadi tekane ngenggon iya gelis banget.

Malah saiki luwih akeh piranti ora arupa Balon, mabur kaya manuk, ananging swiwine ora kekejer, ora kumebet; iku diarani Montor-Mabur. Rong dina wae saka Eropa menyang tanah Jawa kene bisa tekan.”



(Bersumber dari buku : “Kembang Setaman”)





Tidak ada komentar: