Kamis, 02 Februari 2012

Wong lelungan ing jaman biyen

Ana priyayi wis tuwa nunggang sepur bebarengan bocah nonoman telu. Siji jenenge Suprapta, siji Arsana, sijine Sumbaga. Priyayi mau sok ngantuk, terkadang iya turu barang, karo linggih bae. Bareng wis suwe olehe turu banjur nglilir karo mulet sarta celatu “ Ah, saiki iki, yen lelungan kok kepenak temen; karo turu wae bisa tekan ngenggon.” Suprapta nyambungi : ‘Rumiyin punapa boten mekaten?” Priyayi mangsuli : “Ora; biyen durung ana Sepur, during ana Trem. Jarene, wong lelungan jaman kuna, rekasa banget. Dalan-dalan presasat durung ana; mung sing cedak-cedak kraton ana dalane sing rada becik; nanging ya ora becik kaya saiki. Wong dagang lan bakul-bakul, yen arep menyang Negara, metu ing dalan cilik, mung sedeng wong siji. Dagangane digendong utawa dipikul; ana sing diemot ing Jaran; sing diemot Cikar arang-arang. Wonge pada mlaku darat bebarengan akeh karo nggawa gegaman: Tumbak, Keris, Pedang; sabab sedalan-dalan begal pirang-pirang. Buron galak, kayata : Macan, Celeng, Asu-ajag, Asu-kikik, ora kurang. Wong-wong wadon utawa bocah-bocah arang-arang sing lelungan adoh; yen perlu lelungan, ya nunggang Jaran utawa Kremun utawa Tandu. Ana maneh sing sugih banget, nunggang Grobag utawa Pedati, utawa Kreta; ora ana pire kaya tunggangan jaman saiki; rodane kayu wutuhan bae. Dadi yen ditunggangi jlag-jlug, lara kabeh menyang awak. Dek jaman Majapahit yaw is ana Kreta, jenenge Gerbong; kuwi tunggangane para putri, yen nderek cangkrama utawa mbebedag menyang alas. Gerbong kuwi dek jaman kuna wis dianggep becik banget arang-arang sing duwe. Ana layang Jawa kuna sing nyebutake, yen putri Cempa, nalikane krama oleh ratu ing Majapahit, gawane : Gong, Pedati karo Gerbong. Para putri iya sok nitih Joli; sing nggotong nganti wong 16. Joli iku rupane kayu kaya omah-omahan cilik; saiki sok dianggo pola batikan, jenenge “Semen Jolen.”

Jaman saiki, yen wong lelungan munggah gunung, iya sok nunggang Tandu; sing digawe mung “Kursi-males” wae, diwenehi slandangan pring, dipikul uwong.

Arsana takon : ‘La yen ngambah seganten menapa inggih rekaos, ing jaman kina menika?”

Priyayi mangsuli : “Ora kayaa! Dek biyen durung ana Kapal Api; bajage wae pirang-pirang. Praune cilik-cilik nanging rikat; yen ana prau dagang liwat, banjur dibegal. Yen mlayu, ditututi; meh mesti kecandake. Saiki ing segara cedak-cedak kene iya isih ana bajag; apa maneh cedak-cedak Madura kana; malah nganti misuwur: bajag Sampang. Nanging Pamarentah saiki ajeg olehe njaga segara. Yen ana prau bajag sing kemlebat, banjur dibledig; meh ora tau luput, sabab prau Negara sing njaga kuwi rikat-rikat banget.

Saikine yen wong lelungan ngambah segara kepenak banget; mestine kowe ya wis krungu kabare saka layang wacan ing sekolahan. Tunggangane Kapal-Api, meh ora ana sambe-kalane, umbalane murah. Dene panggonane turu utawa ngaso, lan pangane, yen ditimbang karo prau-prau jaman biyen, dudu-dudu kaceke.”

Arsana takon : “La tanah Jawi ngriki, samenika kok saged dados sae, menika kados pundi wiwit-wiwitanipun?”

Priyayi mangsuli : “Mengkene : barang-barang dagangan, bisane gampang penggawane menyang tanah-tanah sing adoh saka segara, kudu ana dalane sing becik. Dadi prelu digawekake rattan. Yen penggawane gampang, regane bisa murah. Mulane dek satus tahun seprene diyasa ratan dawa banget, saka Caringin njujur tanah Jawa nganti tekan Banyuwangi. Ana simpang ane pirang-pirang, dianggo lakune Kreta-pos. Saben let 4 utawa 5 pal ana pose; ana Jarane 4 utawa 6 utawa 8 dianggo nunda Jaran sing nglakokake Kreta-pos; Kretane-pos iya sok ana. Kreta-pos kuwi, sing nunggangi priyayi-priyayi Negara utawa bangsa patikelir. Dene yen ngliwati gunung, tekan unggah-unggahan sing ndeder, iya disediyani Kebo, kanggo nggered Kreta kuwi. Yen nunggang Kreta-pos, njujur tanah Jawa, bisa tekan sajrone 6 utawa 7 dina. Mangka sadurunge ana prenatan mengkono, nganti lakon 10 dina.

Kejaba ratan kuwi, ana maneh kreteg-kreteg pirang-pirang sing digawe. Dadi lakone wong utawa tunggangan, senajan kaline banjir, iya bisa banjur bae.

Jaman saiki saben kuta akeh tunggangan. Sadengah wong bisa nunggang; duwit setali wae wis kena dianggo mubeng-mubeng. Yen ing Jakarta, Dokar kuwi jenenge Sado; Kreta sewan : Ebro. Yen Sala utawa Ngayoja, Kreta sewan jenenge Andong; yen Surabaya : kosong. Biyen aku tau menyang Jakarta, menyang Surabaya; wah, tunggangan pating sliri, pating sriwet, nganti bingung aku.

Tunggangan-tunggangan sing mengkono kuwi kabeh, yen ditimbang karo dek jaman biyen, wis becik banget; nanging sing becik dewe, yen jaman saiki, iya mung Sepur; bisa amot wong pirang-pirang atus, barang-barang pirang-pirang koyan. Nanging yen perkara Sepur, ora akeh sumurupku. Mestine kangmasmu Den Sumbaga, akeh kawruhe; sabab wis sinau ana ing pamulangan. Rak inggih, ta, Den?”




(Bersumber dari buku : “Kembang Setaman”)


.

Tidak ada komentar: