Mbok Siyah pejahipun kedawahan uleg-uleg
Mara sampeyan bedek cangkriman kula ing nginggil punika! Tiyang Jawi tisna sanget dateng mbok Siyah.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
Sapunika ingkang bade kula rembag namung saprekawis : sarem.
Boten namung tiyang Jawi piyambak ingkang tisna dateng sarem. Janji sipat menungsa, mesti betah dateng sarem. Menawi olah-olahan boten ngangge sarem, mesti cemplang, boten eca. Menawi tiyang koncatan sarem sawetawis dinten, awakipun pesti kraos lungkrah.
Punapa sampeyan sumerep, sarem punika pinangkanipun saking ing pundi? Mestenipun sampeyan inggih sampun mireng kabaripun, menawi sarem punika, ingkang dipun damel, toya seganten. Toya seganten punika wernenipun kados limrahipun toya kemawon; ewa semanten boten kenging dipun ombe, sabab raosipun asin sanget semu pahit tur leteng; awit toya seganten punika pancen wonten saremipun. Menawi toya seganten satus timba dipun godog, dipun esataken, lajeng wonten intipipun ingkang awerni wetawis kalih utawi tigang timba. Lha sarem ingkang wonten ing seganten punika pinangkanipun saking pundi? Prekawis punika benjing sampeyan kula criyosi. Sapunika kula bade nerangaken bab pendamelanipun sarem kemawon. Wau sampeyan sampun kula criyosi : toya seganten menawi dipun gadog ngantos asat, lajeng ngintip; intipipun punika sarem. Nanging menawi damel sarem dipun latoni mekaten, mendah katah wragadipun. Sarem rak dados awis; menawi dipun sade mirah, ingkang damel sarem mesti tuna. Dados enggenipun nggaota boten saged angsal panggesangan.
Ing Madura, sanding pinggiripun seganten, dipun damelaken blumbangan wiyar-wiyar, nanging cethek. menawi seganten ngleresi rob, toyanipun mili dateng blumbangan, nunten margenipun dipun tutup; dados menawi seganten sob, toyanipun boten tumut wangsul, kantun wonten ing blumbangan ngriku. Sarehne kebenteran saben dinten, mila lajeng ngukus; dangu-dangu asat. Saremipun kantun wonten ing dasaring blumbangan, dipun pendeti tiyang-tiyang ing ngriku, dipun sade dateng Negari.
Punapa prelunipun dene blumbangan punika dipun damel cethek mekaten? Prelunipun supados lumahipun toya jembar, sabab ingkang ngukus punika namung ing nginggil kemawon. Dados sansaya wiyar lumahipun, pangukusipun sansaya rikat.
Toya sami katahipun, dipun seleh wonten ing gelas, kaliyan wonten ing piring, mesti enggal asat ingkang wonten ing piring. Prekawis punika mestenipun sampeyan inggih sampun sami niteni. Mekaten ugi sinjang ingkang mentas dipun kumbah, murih enggalipun garing, inggih dipun jereng wonten ing genter, boten dipun umbruk-umbrukaken kemawon.
Sarem anggenipun nusuki saking ing blumbangan wau, dipun ekum malih wonten ing toya, kareben ajur; lajeng dipun resiki ngantos petak, wernenipun wukon-wukon, lajeng dipun kintunaken dateng pundi-pundi, dipun sade. Wonten ingkang dipun pipit, dipun citaki kados banon; sabanon awratipun sekati. Ing Indonesiyah saremipun sarem banon sadaya.
Menawi tiyang pesisir kidul ing Ngayogyakarta, rumiyin pendamelanipun sarem mekaten : Menawi seganten pinuju sob, tiyang-tiyang wira-wiri mendet toya seganten, dipun rembati ngangge upih, dipun siramaken ing weden. wedenipun saderengipun dipun sirami toya seganten, dipun radin rumiyin, wiyaripun wetawis salatar. Enggenipun nyirami wau ngantos weradin; lajeng dipun sirami malih arambah-rambah.
Wedenipun saged garing piyambak, awit saking bentering surya; boten ngangge dipun latoni boten barang. Punika wedenipun lajeng kabuntel ing sarem sadaya; wedi wau ingkang inggil piyambak lajeng dipun klempakaken ngangge sorok, nunten dipun wadahi ing kukusan. Dene kukusanipun dipun jagragi kajeng awon-awonan kemawon. Sangandapipun kukusan wonten jembanganipun kotong. Menawi kukusan wau sampun kebak wedi, lajeng dipun soki toya seganten. Sarem ingkang mblebed wedi wau lajeng ajur, katut ing toya, rembes dumawah ing jembangan. Enggenipun ngesoki toya punika rambah-rambah, ngantos saremipun katut sadaya, klebet ing jembangan. Toya ingkang nglempak wonten ing jembangan punika dados katah sanget saremipun. Nunten dipun bekta mantuk, dipun godog wonten kwali ageng-ageng. Pawon satunggal terkadang dipun trapi kwali tiga utawi sekawan. Panggodogipun wau ngantos asat; saremipun kantun wonten ing kwali, wernenipun petak memplak kados gendis pasir, namanipun sarem tamper. Sarem ingkang mekaten punika, menawi ing Ngayoja, rumiyin inggih dipun sade dateng peken. Sapunika tiyang ing ngriku sampun boten damel sarem malih.
Ing tanah Malaka rekanipun tiyang damel sarem sanes malih. Tiyang-tiyang ing ngriku, ingkang damel sarem, sami mendeti kajeng ingkang wonten ing seganten. Kajeng wau menawi sampun garing, lajeng dipun besmi, awunipun lajeng dipun grujug toya ngangge dipun saring; dados saremipun ingkang wonten ing ngriku ajur, katut toya. Toyanipun lajeng dipun godog ngantos asat, namung kantun saremipun kemawon.
Ing tanah Eropah sarem punika ingkang dipun damel inggih toya seganten. Wonten ugi sarem ing ngrika ingkang pamendetipun saking salebeting siti, sarana dipun duduk lebet sanget. Pedamelan punika naminipun melik.
Sarem punika paedahipun boten namung dipun angge mbumboni olah-olahan kemawon, inggih wonten paedahipun sanesipun malih; kadosta kangge nyaremi ulam, kareben kenging dipun rimati lami.
( bersumber dari buku : "Kembang Setaman" )
Nb: Mbok Siyah = Lombok, Trasi, lan Uyah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar