Wiwit sepisan Kancil nemokake Kebon Timun duweke pak Tani, sak banjure deweke dadi kulina lan ketagihan; kepingin terus lan terus mbaleni nyolong timun sing ana ing kebon mau.
Bareng meruhi kebon timune rusak, pak Tani banjur celatu (ing njero batin) : “Gek sapa ya, sing ngrusak kebonku nganti kaya ngene iki?”
Yen bangsane manuk, dak kira ya dudu. Apa bangsa Kethek lan Budheng, uga ora. Apa maneh bangsa kewan galak, Macan lan Singa, pangiraku malah babar pisan dudu kuwi.
Mengko gek ana wong sing karep ganggu gawe!?
Akh.. ora, yen tak gagas-gagas aku ora nate duwe rasa serik lan benci marang sak pada-padane, apa maneh gawe piala marang liyan.
Emm…., nanging yen ndeleng tapak tilase, iki ora ana liya maneh kejaba saka pokal gawene si Kancil.
Sak banjure pak Tani nuli ngrekadaya kanggo nyekel Kancil mau, kanthi cara masang jaring ing kebon iku. Si Kancil, bareng ngerteni yen ing kebon kono dipasang jaring, dewekne ya banjur nyelaki.
Pak Tani dadi saya tambah judeg wae atine, dene si Kancil tansaya ndadra anggone gawe rusak ing kebonne.
Kanthi muter akal pikire, ing akhire pak Tani gawe cara masang wong-wongan (boneka ind.) kang diwenehi penganggo klambi, lan caping, uga sing luwih utama……… ora lali diwenehi pulut.
Saktemene si Kancil iku uga angon wayah, kapan wektune kang becik anggone njupuk timun mau sing istingarah ora konangan dening pak Tani. Ya iku, ing wayah esuk umun-umun, utawa wayah surup ing srengenge.
Wektu surup srengenge ing dina iku, si Kancil mlaku mindik-mindik ngati-ati mlebu menyang kebon, pamrihe supaya ora kena ing jaring kang dipasang pak Tani. Bareng ndongak, dewekne kaget setengah mati, ora adoh saka kono weruh ana wong kang madep marang dewekne sinambi malangkerik(berkacak-pinggang ind.). Kancil kaget, banjur bali klepat mlayu sipat kuping. Dirasa wis adoh anggone mlayu, nanging kok ora ana uwong sing nututi deweke. Kancil banjur mandeg, lan noleh menyang mburi, celatune : “ Kok aneh …, sing katon mau wong temenan apa dudu, ya?”
Kadereng rasa luwe lan kepingin weruh sing sak temene. Si Kancil bali mindik-mindik maneh nyedaki menyang wong-wongan mau. Bareng wis sawatara cedake, ing jeroning ati deweke kanda : “Iku wong temenan apa dudu, lha kok meneng wae!?”
Mula Kancil nyoba mbalang wong mau lan kena, nanging lha kok meneng wae, ora obah babar pisan.
Dasare wektune wis wiwit surup, apa sing katon sesawangan ing kono ora banget cethane.
Kanthi luwih ngati-ati maneh, Kancil nekad nyedak menyang panggonane wong kang malangkerik mau.
Sapecak mbaka sapecak. Bareng wis cedak lan cetha, celatune Kancil : “Wee.. lhadalah, jebule mung wong-wongan(boneka ind.) wae!! Nganti keplayu temenan, awakku.”
“Kathik nganggo malangkerik, barang!”
Kanthi gemes ndeleng wong-wongan iku, celatune : “Tak jothos lho!”, tumuli tangane tengen njothos.
“Ee..lho, lha kok nggondeli, tak jothos maneh lho!”
“Ee..lho nggondeli, tak tepang lho!”, mengkono sak teruse…. Puntone, tangan lan sikile Kancil kelet kabeh ing pulut. Ora bisa obah ora bisa unteg, anane mung matane wae sing bisa kethap-kethip.
Dina esuke, pak Tani ndeleng si Kancil wis kena ing pulut, atine dadi bungah banget.
Sore iku sinambi nggawa rangketan Kancil, atine mongkok banget, isih tekan ing latar wis undang-undang marang bojone : “mBokne-mBokne.., iki lho dak gawakne Kancil!”
Krungu undang-undang mengkono mau, mBok Tani enggal metu menyang latar, methukake pak Tani.
Pak Tani nutugake celatune: “Becik masakne gule wae, mBokne!”
Wangsulane bojone : “Wayahe wis surup, becike dibeleh sesuk esuk wae! Dene wiwit saiki aku dak cepakne uba-rampene.”
Sak pungkure pak Tani mlebu ngomah, si Kancil kari kethap-kethip ijen dleweran eluhe, ana ing njero kurungan. Keprungu sesambate Kancil ing tengah wengi iku, Asu ingon-ingone pak Tani nyedaki, banjur celatune : “Lho…., lha kok kowe Kancil? Geneya ndelik ana njero kurungan?”
Krungu swara kang tanpa sangkan iku, si Kancil kaget lan kandeg anggone sesenggukan.
Byaa….rrr, padang dumadakan atine si Kancil. Kanthi tekane si Asu iku, ateges bakal ana lawang kang mbukak setithik kanggo dewekne ucul saka kurungan iku.
Wangsulane si Kancil : “Sssttt….., Apa durung ngerti ta, yen aku iki arep dipek mantu dening Bendaramu? Aku iki lagi dipingit ing njero kurungan iki.”
Asu : “Begja banget awakmu kuwi, Kancil! Aku sing ana kene, wis seprana-seprene suwene kok ya ora ditoleh babar-pisan.”
Asu nerusake rembugane: “Mungguh tak ganteni ngono, kepriye Kancil?”
Kancil : “Ya.. aja kaya mengkono, kuwi ora becik!”, semaure si Kancil rada jual-mahal.
Asu : “Mbok ya diolehi, aku iki rak ya isih kok anggep kanca raketmu ta?”
Kancil : “Ya wis, yen awakmu meksa kaya mengkono ya dak wenehke kowe. Nanging welingku aja rame-rame, lan aja nyuwara nganti tekane wektu sesuk esuk.”
Asu : “Iya Kancil, tak estokne welingmu!”
Asu ngganteni mlebu kurungan, lan Kancil tumuli enggal-enggal metu.
Kancil : “Wis ya, kariya slamet!”, ing tengah wengi iku Kancil enggal-enggal ngadoh saka papan kono, banjur bali menyang alas maneh.
Esuke, pak Tani bareng weruh Asune sing manggon ana ing njero kurungan, anyel banget atine. Nuli Asu digebugi ……, mlayu klengkengan.
(Saduran bebas dari sebuah ceritera Guru)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar